Dluwang

(Kaelih saka Kertas)
     

Dluwang utawa kertas (basa krama: dlancang), iku bahan kang tipis lan rata, kang diasilaké nganggo komprèsi serat kang asalé saka pulp. Serat kang dipigunakaké racaké alami, lan ngandhut selulosa lan hemiselulosa.

Salembar deluwang

Dluwang dikenal minangka médhia utama kanggo nulis, nyithak sarta nglukis lan akèh kagunan liyané umpamané kanggo kertas pangresik (tissue).

Anané dluwang minangka révolusi anyar sajeroning jagad tulis menulis kang nyumbangaké makna sajeroning peradaban donya. Sadurungé tinemu kertas, bangsa-bangsa jaman biyèn migunakaké tablèt saka lemah lempung kang diobong. Bab iki bisa tinemu saka peradaban bangsa Sumeria, Prasasti saka watu, kayu, pring, kulit utawa balung sato kéwan, sutra, malah godhong lontar kang dirèntèng kaya ing naskah naskah Nusantara sawatara abad kapungkur.

Sajarah

besut

Peradaban Mesir Kuna nyumbangaké papirus minangka média tulis. Papirus, ya iku médhia tulis kanggo nulis sajeroning peradaban Mesir Kuna ing mangsa wangsa firaun sabanjuré nyebar menyang sakabehing tlatah Wétan Tengah nganti Romawi ing Sagara Tengah lan nyebar menyang Éropah, sanadyan panggunaan papirus isih dirasakaké larang banget. Saka tembung papirus (papyrus) iku dadi jeneng paper sajeroning basa Inggris, papier sajeroning basa Walanda, basa Jerman, basa Prancis umpamané utawa papel sajeroning basa Spanyol kang tegesé dluwang.

Uga delengen

besut