Sejarah budaya paling tuwa ing bawana Afrika bisa ditemokake ing sapinggiring Bengawan Nil (Bengawan = kali gedhé). Peradaban pinggir Bengawan Nil ing Mesir, Afrika, jumedhul amarga subure lemah ing wewengkon sakcerake bengawan kang kasebabake dening banjir kang nggawa lendhut. Ya iki kang narik kawigaten lan nyengkuyung manungsa kanggo mbangun panguripan lan peradaban.

Piramidha lan reca Sfinks, minangka salah sawijining objèk utama para turis

Daftar Dinasti Firaun
ing zaman Mesir Kuno

Periode Predinastik
Periode Protodinastik
Periode Dinasti Awal
kaping 1 kaping 2
Kerajaan Mesir Lama
kaping 3 kaping 4 kaping 5 kaping 6
Periode Menengah Sepisanan
kaping 7 kaping 8 kaping 9 kaping 10
kaping 11 (namung Thebes)
Kerajaan Mesir Pertengahan
kaping 11 (kabèh Mesir)
kaping 12 kaping 13 kaping 14
Periode Menengah Kapindho
kaping 15 kaping 16 kaping 17
Kerajaan Mesir Anyar
kaping 18 kaping 19 kaping 20
Periode Menengah Katelu
kaping 21 kaping 22 kaping 23
kaping 24 kaping 25 kaping 26
Periode Persia Pertama
kaping 27
Periode Pungkasan
kaping 28 kaping 29
kaping 30
Periode Persia Kapindho
kaping 31
Periode Yunani-Romawi
Alexander Agung
Dinasti Ptolemi
Mesir Romawi
Serbuan Arab

Peradaban pinggir Bengawan Nil uga sinebut peradaban Mesir Kuna. Agunge lan kamulyane peradaban iki isih bisa dideleng saka akeh lan maneka warna wangunan sejarah ing Mesir saiki kayata Piramida,Sphinx, lan Obelisk. Mesir uga wewengkon kang dumunung ing Afrika sisih lor lan nduweni posisi kang strategis utawa cocog amarga ana ing titik temu antarane Asia, Eropa, lan Afrika. Bengawan iki mili saka Afrika tengah liwat Mesir lan terus mili nganti Segara Tengah. Bengawan Nil iku kali kang paling dawa ing donya yaiku nganti 6.400 Km adohe. Tuke bengawan saka tuk-tuk ing Pegunungan Kilimanjaro kang dumunung ing Afrika sisih wetan.

Wiwit tahun 3.400 SM Mesir kaprentah dening 30 wangsa/dinasti. Dinasti kasebut diperang dadi 3 periode utawa jaman, yaiku:

Jaman Keraton Mesir Tuwa (3.400-2.160 SM)

besut
 
Masarakat jaman Mesir kuna

Watara taun 5.000 SM, wis pirang-pirang desa cilik-cilik ing saubenge Bengawan Nil. Pirang-pirang abad sabanjure desa-desa iku dadi sawijining keraton kang sinebut mones. Sateruse, mones ngrembaka dadi keraton gedhe yaiku Mesir Nduwur lan Mesir Ngisor. Para ratu kang ana ing Mesir tansah kinucap kanthi jejuluk Firaun utawa Pharaoh. Firaun tegese "Omah kang Gedhe". Firaun kang dadi punjering panguripan sosial, pulitik, lan agama bangsa Mesir Kuna.

 
Patung Menes, ratu Mesir kang manunggalake Mesir dhuwur lan ngisor

Sawise pirang-pirang abad kapisah, Keraton Mesir nduwur lan Mesir ngisor dimanunggalake ing sangisore Menes. Pangupayane kang kasil manunggalake 2 kraton iku anjalari dheweke uga duwéni jejuluk Nesutbiti (ratu kang nduweni makutha kembar). Kraton iki punjere utawa pusate ana ing Kutha Memphis. Sawisé iku, kanthi urut Mesir kaprentah déning Chufu, Chepren, lan Menkaure. Nalika jamane ratu telu iku, jumedhul sawijining budaya ngawetake jisim (jenasah) kanthi cara balsem utawa mumi. Budaya ngawetake jisim iku adhedhasar kapitayan yen wong bakal urip terus sasuwene jisime isih wutuh. Mumi kasebut disarèkaké (dimakamake) menyang sajroning mastaba kang arupa makam wujud undhak-undhakan kang sinebut piramidha. Meh saben piramidha mesthi ana reca wujud singa ananging sirahe manungsa kang sinebut Sfinks.

 
Patung Pepi I

Nalika jaman pamréntahane Pepi I, Keraton Mesir njembarake wewengkone nganti tekan wewengkon Sudan (Nubia) lan Abbesinia. Ing jaman Fir'aun Pepi II, kakuwasane Mesir saya ringkih, saengga Keraton Mesir kang ibukuthane ing Memphis ambruk lan malih dadi keraton cilik-cilik.

Jaman Keraton Mesir Tengahan (2.160-1.788 SM)

besut

Fir'aun Sesotris III kasil manunggalake maneh pecahan-pecahan Keraton Mesir kang pecah wiwit jamane Raja Pepi II. Saliyane kasil manunggalake Mesir, dheweke uga kasil nggedhekake tlatah Mesir nganti Sudan, Palestina, lan dhaérah Sichem. Nalika Amenemhet III jumeneng nata, ekonomi Mesir maju kanthi cepet, utamane ing babagan tetanen. Wong Mesir ngandelake Bengawan Nil, saliyane minangka transportasi kendharaan kanggo adol-tinuku/dedagangan nanging uga digunakake kanggo tetanen. Maju lan subure Mesir pranyata mbebayani, amarga ing taun 1.750 SM, Bangsa Hyksos nglurugi Mesir, anjalari mundure Kraton Mesir. Bangsa Hyksos nguwasani Mesir, banjur ndadekake kutha Awiris minangka punjering panguwasane. Saka Awiris iki, bangsa Hyksos nglurugi sawetara wewengkon Mesir kayata Sudan, Palestina, lan Suriah.

Jaman Keraton Mesir Anyar (1.500-1.100 SM)

besut
 
Gegambaran perang amuk-amukan bangsa Mesir mungsuh bangsa Hyksos
 
Patung Ahmosis

Watara taun 1.650 SM Keraton Mesir kang wis dikuwasani dening Bangsa Hyksos ngancem para fir'aun saka Thebe. Sawijining Fir'aun saka Thebes yaiku Ahmosis I, mandegani perang menyang Keraton Hyksos. Dheweke kasil ngusir bangsa Hyksos lan mbangun peradaban anyar ing ibukutha Awiris. Thutmosis I yaiku Fir'aun kang kasil nggedhekake panguwasaning Mesir menyang dhaérah Asia sisih kulon. Ing jaman Keraton Mesir ing sangisore pamréntahaning Fir'aun Thutmosis II, raja kasebut nduweni watak ekspansionis utawa karem perang. Nalika papréntahane Thutmosis III, Mesir bisa nelukake negara Babilonia, Assyria, Cicilia, Cyprus, lan liya liyane, saengga Thutmosis III uga sinebut "Napoleon saka Mesir". Amenhotep II (1.447-1.430 SM) jumeneng nata kanthi mbelani Kraton Mesir kang wewengkone amba. Thutmosis IV ngupaya mbelani panguwasan Mesir kanthi nindakake sawetara tumindak pulitik yaiku, nyambung paseduluran marang ratu ing Babilonia lan Fir'aun Mitanni uga dhaup marang putra putrine Fir'aun Artatama.

 
Patung Thutmosis

Watara taun 1.353 Amenhotep IV jumeneng nata, dheweke minangka reformis utawa panganyaring agama kang ngajak kawulane ninggalake nyembah para dewa utawa politheisme kanggo nyembah Dewa Amon, lan dheweke mulangake ajaran manembah mring gusti kang siji utawa Monotheisme. Amenhotep IV ngganti jejuluke dadi Akhenaten. Nalika jaman pamréntahane Tutankh-Amon, para pandhita padha kuwasa banget, lan panguwasane Fir'aun dirusak dening para pandhita Amon ing Thebes. Bab iku njalari dumadine krisis kepemimpinan lan krisis pulitik kang ndadekake Mesir saya mundur lan pecah maneh, Mesir pecah dadi keraton-keraton cilik lan kraton-kraton iku padha perang siji lan sijine. Mesir nggedhekake wewengkone menyang Palestina, lan kasil nguwasani laladan Palestina uga kasil nelukake Bangsa Hittit ing Asia sisih kulon. Nalika jaman pamréntahane Ramses I, bangsa Yahudi (Israil) kang padha pindhah utawa migrasi menyang Mesir padha ditindhes banjur padha didadekake batur, dipeksa nggawe wewangunan gedhong-gedhong sarta piramidha kang magrong-magrong nganti jaman pamréntahane Ramses II kang banjur ngedegake candhi kang dijenengi Ramesseum. Papan pesareyane Ramses II iki dumunung ing Abu Simbel. Jaman Ramses II kira-kira sakjaman karo jaman uripe Kanjeng Nabi Musa.

 
Mumi Ramses
 
Ramesseum, sawijining candhi kang diwangun nalika jaman pamrentahane Ramses II

Mesir mundur lan bisa dikuwasani dening bangsa-bangsa manca kayata Libia, Abbessyria, lan Assyria nalika jaman papréntahane Ramses III.

Mesir ditelukake Assyria ing taun 670 Sakdurunge Masehi lan ing taun 525 Mesir dadi wewengkon negara Persia. Sawise Persia, Mesir dikuwasani dening sawijining narendra aran Alexander Agung lan para ratu sabanjure saka Grikenlan uga ngedegake wangsa kang pungkasan ing Mesir yaiku Ptolemeus. Salah sawijining tedhak turune wangsa Ptolemeus yaiku Ratu Cleopatra lan wiwit taun 27 SM Mesir dadi wewengkon Kamaharajan Rum.

 
tugu obelisk

Peradaban Mesir kuno wis mangerteni wwujuding tulisan kang sinebut hieroglyph wujud gambar. Tulisan-tulisan hieroglyph ana ing tembok-tembok piramida, tugu obelisk, uga godhong papirus. Aksara Hieroglyph kasusun saka gambar lan simbol wujud manungsa, kewan, lan barang liyané. Saben simbol ana tegese. Ing pangrembakane, tulisan Hieroglyph dadi luwih prasaja kang banjur sinebut tulisan hieratis lan demotis. Tulisan hieratis utawa aksara suci digunakake dening para pandhita. Demotis iku tulisane para kawula kang pigunane kanggo babagan kadonyan kayata adol-tinuku.

Peradaban Mesir Kuna uga wis mangerteni bab pananggalan. Wiwitane padha nggunakake tanggalan rembulan kang adhedhasar siklus (lakune/sirkulasi) rembulan suwene 29½ dina. Nanging, amarga kaanggep ora cocog/ora trep, sistem kasebut ditinggalake, ganti tanggalan adhedhasar jumedule Lintang Kirik (Sirius) kang njedhul saben taun. Wong Mesir uga wis ngerti taun-taun Kabisat. Petungan tanggalan Mesir kanthi migunakaké lakuning srengenge banjur diadopsi dening bangsa Rum dadi Tanggalan Rum kanthi sistem Gregorian kaya kang kita gunakake saiki.

Wong Mesir Kuna nyembah sawetara dewa (politheisme). Dewa kang dikurmati dening kabeh kawula Mesir antarane Dewane Srengenge kang sinebut Ra lan Dewa Amon (Dewaning Rembulan). Nanging ing sabanjure dewaning srengenge iku sinebut Amon-Ra. Uga ana dewa lokal kang sinembah ing dhaerah tertemtu. Dewa iku kayata, Dewaning adil ing akhirat yaiku Dewa Osiris, Dewaning Bengawan Nil, yaiku Dewi Horus, yaiku dewaning kaendahan (Dewi Isis, garwane Dewa Osiris), Dewa Anubis (dewaning Pati), Dewa Aris (dewaning kasuburan).

Pirsanana uga

besut

Pranala njaba

besut