Républik Siprus yaiku nagara pulo ing Sagara Tengah pérangan wétan, udakara 113 km kidulé Turki lan 120 km kuloné Suriah. Kutha krajané yaiku Nikosia. Kutha wigati liyané antarané Limassol, Larnaca, Paphos, Famagusta, lan Kyrenia.

Κυπριακή Δημοκρατία
Kypriakí Dimokratía (Yunani)
Kıbrıs Cumhuriyeti (Turki)
Gendéraning Siprus
Gendéra
Aditamènging Siprus
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: Ymnos pros tin Eleutherian 1
Dunungpenering Siprus
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Nikosia
JawatbasaYunani, Turki
PapréntahanRépublik
Dimitris Christofias 2
Kamardikan
• Banyu (%)
-
Population
• Pikira-kira 2005
780.133 5 (155)
• Cacahjiwa 2001
689.565 6
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$15,76 miliar (117)
• Saben wong
US$19.633 (36)
ArtacihnaEuro (EUR)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl357 7
TLD internèt.cy
1. "Ymnos pros tin Eleutherian" uga mnangka lagu kabangsan Yunani.

2. Républik Turki Siprus Utara (RTSU) nguasani wewengkon lor lan nduwé presiddèn dhéwé.
3. Ora diakoni déning Turki, siji-sijiné nagara kang ngakoni RTSU.
4. Area ambané 5.895 km² ing wewengkon kidul lan 3.355 km² ing wewengkon lor.
5. Ora kalebu ±230.000 jiwa ing tlatah lor.
6. Ora kalebu sing ndunungi RTSU.

7. +90-392 (kodhe akses Turki) digunakaké ing wewengkon lor.

Wiwit taun 1974, ing pérangan lor ana Républik Turki Siprus Lor, kang mung diakoni déning Turki.

Sajarah

besut

Sawisé 1945

besut

Siprus, nalika isih dadi jajahan Karajan Manunggal, arep diwènèhaké marang Yunani. Nanging minoritas Turki nulak. Sidané kompromi disarujuki lan taun 1959 diyasa nagara Siprus mardika. Nanging nagara Yunani lan Turki kaloroné durung puas lan pungkasané taun 1974 sawijining golongan kang kepéngin persatuan karo Yunani nganakaké kudéta kang diwales nganggo invasi Turki. Miwiti kadadéan iku Turki mbanjur nguwasani wewengkon lor.

Tanggal 1 Mèi 2004, Siprus dadi anggota Uni Éropa. Nanging kang diidinaké mèlu mung wewengkon kidul waé, séjé babé yèn wewengkon lor uga péngin dadi siji manèh. Pungkasané sing ndunungi wewengkon lor nekan pamaréntahé supaya dadi siji karo wewengkon kidul. Tanggal 24 April 2004 wewengkon lor (kang dipanggedhèni déning Raouf Denktash) mratélakaké "iya" marang gagasan persatuan. Laladan kidul (kang dipanggedhèni déning Tassos Papadopoulos) mratélakaké "ora" tumrap persatuan. Sidané mung pérangan kidul waé kang dadi anggota Uni Éropa.

Ékonomi

besut

Ékonomi Siprus gumantung marang ekspor produk tani (jeruk, kenthang, anggur, tembako) lan saka pariwisata. Sektor perikanan amèh ora ana artiné; tlatah banyu ing saubengé pulo kurang ana iwaké. Séjéné iku sèktor pertambangan isih nguntungaké (tembaga, wesi, marmer lan gipsum). Tembung tembaga sajeroning basa-basa Éropa ngrupakaké derivasi saka tembung "Siprus" ing basa Yunani kupros, upamané tembung copper (basa Inggris) utawa koper (basa Walanda).

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut
 
Peta Siprus


 
Uni Eropah (EU)
 

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani