Musa
Musa
dalam hieroglif
<
F31S29S29
>

Musa (basa Arab: موسى, Mūsā; basa Ge'ez: ሙሴ Musse) (lair ~1527 SM, séda ~1408 SM) ya iku nabi kang nyampekake Hukum Torèt lan nulisaké ing Pentateveh/Pentateukh (Lima Kitab Torèt) ana ing Alkitab Ibrani utawi Prajanjen Suwé ing Alkitab Kristen. Musa uga kalebu saka 25 nabi kang wajib diimani dening umat Muslim. Akeh ayat-ayat Al-Qur'an lan hadist kang nyritakake sejarahe Musa.

Musa iku putrané Amram bin Kehat saka suku Lewi, anak Yakub bin Ishak. Panjenengane diangkat dadi nabi kira-kira taun 1450 SM. Panjenengane diutus Bani Israil (Israèl) metu saka Mesir. Asmane ingaran akèhé 873 ing 803 ayat ing 31 buku ing Alkitab Pertalan Anyar[1] lan 136 kali ing Kuran. Musa patutan 2 cacahé (Gersom lan Eliezer) lan séda ing Tanah Tih (Gunung Nebo).

SejaraheBesut

Miturut Al-Qur'an, Musa lair nalika Pirngon nguwasani Mesir lan tumindak zalim (wengis) lan sewenang-wenang lan nggawe para kawulane dadi pecah. Pirngon nindhes kawulane lan mbeleh bocah lanang kang mentas lair, dene bocah wadon dinengke wae. Iki kabeh amarga dheweke percaya marang petungan ramal yen sawijining wektu bakal ana wong lanang kang nglengserake dheweke. Nalika Musa lair, Gusti Allah menehi ilham supaya diklentirake menyang Bengawan Nil. Jebul bayi iku dijukuk dening para embane Pirngon lan digawa menyang kraton. Pungkasane, dheweke didadekake putra angkat dening garwane Pirngon.

Musa banjur dadi putra angkat ing kratone Pirngon. Sawise diwasa Musa eling menawa dheweke kalebu bagean saka bangsa Bani Israil. Musa kepengin supaya ngluwarake Bani Israil saka batur tukone Pirngon ing Mesir. Sawise Gusti Allah menehi ilham lan wahyu marang Musa ing Lembah Tuwa, mula dheweke kanthi mantep lunga menyang keraton Mesir kanggo dakwahi Pirngon.




Cathetan sukuBesut

  1. Alkitab, daftar kata