Tuduhaké menu pokok
Alkitab nganggo basa lan aksara Jawa

Alkitab iku kitab suciné wong Kristen Protèstan lan Katulik sarta uga wong Yahudi. Alkitab bisa dipérang dadi rong pérangan: Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Pérangan-pérangan utama iku sinebut "Prajanjian" amarga Tuhan bangsa Israèl utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané Nabi Musa karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané Yesus Kristus karo kabèh umat manungsa.

Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa Ibrani, kejaba sapérangan pérangan kang ditulis ing basa Aram saka kitab Daniel déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing basa Yunani.

Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 pérangan utama ya iku Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).

Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara kanon Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep péranganing Alkitab. Ing abad kaping 3 SM, Alkitab Ibrani utawa Tanakh diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki karan Septuaginta, nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki mau buku-buku Deuterokanonika.

Asal tembung "Alkitab"Besut

Tembung “Alkitab” utawa "Bibel" duwé sajarah kang rowa banget. Ing pasisir Fenisia, kira-kira 40 km sisih kidul Beirut, kang saiki ana ing Lebanon, kurang luwih taun 3500 SM, ana sawijining kutha perdagangan kang wigati banget. Saiki kutha iki dadi sawijining désa cilik kang miskin. Ing jaman biyèn, kurang luwih taun 1300 SM, kutha iki dikenal kanthi jeneng Gubla. Prajanjian Lawas utawa Kitab-Kitab Ibrani (Yeh 27:9) ngenal kanthi jeneng Gebal. Wong Yunani biyèn ngenal kanthi jeneng Byblos. Lan saiki, désa cilik iki jenengé Jebel.

Kutha iki biyèn jajahané Mesir lan dadi kutha pelabuhan lan kutha pedagangan papirus. Mula wong Mesir mènèhi jeneng kutha iki Gubla, tembung kang artiné “papirus” ing basa Mesir. Ing wektu iku, wong-wong Yunani tetuku ing jalur perdagangan papirus, lan kutha iki uga dadi kutha kang wigati kanggo wong-wong Yunani ing jalur perdagangan iki. Miturut ‘kuping’ wong Yunani, tembung “Gubla” dadi “Byblos”, saéngga wong Yunani nyebut “papirus”, lan uga “buku”, kanthi jeneng kutha iki.

Filo (20 SM – 50 M) lan Yosefus nyebut Prajanjian Lawas bibloi hiërai. Hieronimus, sawijining Bapak Greja kang dikongkon déning Paus Damasus kanggo ngrévisi Alkitab latin, kerep nyebut Alkitab kanthi jeneng Biblia saka basa latin kang tegesé “kitab”. Alkitab utawa kitab suci ing basa Inggris iku the Bible, lan ing basa Jerman iku die Bibel. Mula ngujuk saka sajarah kang rowa banget iki, pas yèn nganggo tembung Arab-Melayu “Alkitab” kanggo nyebut kitab suci.

Prajanjian LawasBesut

DeuterokanonikaBesut

Prajanjian AnyarBesut

CumepakBesut

Kaitung wiwit tanggal 1 Januari 2007, ana 2.436 basa lan dhialèk sing wis dienggo kanggo nerbitaké sasithik-sithiké sakitab saka Alkitab. Prekara iki sawijining rékor dhéwé, amarga durung ana buku siji-sijia liyané sing bisa olèh upaya panerjemahan sing dhuwur kaya mengkéné, malahan ing basa-basa sing namung diwaca puluhan nganti atusan wong waé.[1]

Cacah basa kang dipigunaaké ing saindhenging donya kacathet 6.912 basa saka 39.491 basa sing naté ana.[2]

Pranala njabaBesut

RéferènsiBesut

  1. Sedarlah! November 2007, h.30, Watchtower Bible and Tract Society of New York, Inc.
  2. http://www.ethnologue.com/web.asp