Layang Paulus Roma
Layang Paulus Roma, iku pakumpulané layang rasul Paulus marang para jumuwah ing kutha Roma. Kitab iki péranganing Prajanjian Anyar lan kitab nomer ping enem serta layangé kang dawa dhéwé. Tulisan iki dipracayani minangka tulisan asli Paulus.[1][2] Sajroning layang iki ana kesan menawa tugas Paulus ing kawasan wétan Kakaisaran Romawi kanggo golèk dana kanggo para jumuwah ing Yérusalèm wus rampung.[3] Katoné layang iki kang pungkasan ditulis Paulus ing tlatah Yunani.[2] Ana kang nganggep menawa layang iki ringkesan pepak saka sakabèhé téologi Paulus.[4] Perkara iki déné kaanan jiwa Paulus kang luwih réflèktif nalika nulis layang iki tinimbang nalika nulis Galatia utawa layang Korintus.[4] Layang Paulus marang para jumuwah ing Roma iki katulis kanggo nyiyapaké wong-wong iku kang arep ditekani Paulus, saliyané iku Paulus uga arep ngalusaké sawatara aspèk pamikirané kang tibakné surasané dimangertèni luput, dadi prakara iki prioritasé rikala iku.[4]
Ayat-ayat misuwur
besut- Roma 3:23-24: Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah, kang dadi etuking keslametané. Manungsa enggoné karukunaké karo Gusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat, kang diparingaké marang manungsa, lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus.
- Roma 6:23: Sebab opahé dosa kuwi pati, nanging sih-kanugrahané Gusti Allah ngolèhaké urip langgeng, lantaran Kristus Yésus, Gusti kita.
- Roma 8:28: Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong kang padha tresna marang Panjenengané.
Panulis
besutPanulis layang iki ya iku Paulus, kang nepungaké awaké dhéwé mawa jenengé ("Paulus) ing awal layang iki (Roma 1:1) lan jatidhiriné minangka abdi Gusti Yésus Kritus. Banjur dhèwèké dipilih lan ditimbali déning Gusti Allah (apostolos) lan doning pagawéané ("supaya ngabaraké Injil").[5] Layang iki ora ditulis déning Paulus dhéwé, nanging déning sawijining sékretaris kang jenengé Tèrtius lan nyatakaké awaké dhéwé ing ayat Roma 16:22. Paulus dudu kang ngedegaké jemuwah ing Roma, dadi dhèwèké ora mangerti kaanan jemuwah iki kanthi langsung, nanging olèh informasi saka wong-wong Kristen kang teka saka Roma menyang Koritus, papané layang iki ditulis.[2] Wis suwé Paulus kapéngin nekani wong-wong Kristen ing Roma, lan ingin nyebar kabar Injil ing kana, nanging kapénginané mesthi kalangan, kamangka nalika ing Éfèsus, Paulus wis ngrencana arep lunga mrana liwat Akhaya lan Makédonia.[6]
Kapénginané Paulus dadi sangsaya gedhé nalika awaké ngalami wèsthi ing Yérusalèm lan krasa uripé saksat bakal sigra entèk, rikala iku awaké olèh panalika yèn Gusti Allah ngadeg ing sisihé lan nguwataké awaké dadi Paulus bisa mènèhi panyeksèn ing Roma.[6]
Wanci panulisan
besutKabèh panglayaran ing Sagara Tengah praktis mandheg sawisé tanggal 11 November, déné hawa mangsa atis kang ala, lan lumrahé diwiwiti manèh wiwit tanggal 10 Maret saben tauné, dadi Layang Roma ditulis sadurungé, yakuwi ing mangsa gugur taun 57 Masèhi.[5] Robinson yakin menawa panulisané iku ing mangsa semi (antara sasi Maret - Juni) taun 57 Masèhi.[7] Panemu liya ngira-ngira antawa taun 53-54, utawa antara taun 53-56.</ref> atau tahun 53-56.[8]
Rencana Paulus dhéwé owah, awit ana anceman saka wong Yahudi, dadi Paulus ora sida numpak kapal saka Korintus, nanging wusanané lumaku menyang Makédonia[9] lan lumayar menyang Yérusalèm saka Filipi ing mangsa semi taun sawisé (58 M).[10] Paulus lagi teka ing Roma sawisé dicekel lan diadili ing Yudéa.[9]
Struktur
besutLayang Paulus Roma iku sawijining layang kang magepokan karo akèh aspèk lan kasil saka komposisi kang tliti banget.[6] Kanggo nyakepiné, layang iki bisa kabagi ing patang pérangan:[6]
Réferènsi
besut- ↑ Pengantar Alkitab Lembaga Alkitab Indonesia, 2002
- ↑ a b c Samuel Benyamin Hakh. 2010, Perjanjian Baru: Sejarah, Pengantar dan Pokok-pokok Teologisnya. Bandung: Bina Media Informasi. hlm. 201-210.
- ↑ M.E. Duyverman. 1990, Pembimbing ke dalam Perjanjian Baru. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hlm. 94-101.
- ↑ a b c (ing basa Indonésia) John Drane. 2005, Memahami Perjanjian Baru. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hlm. 369-372.
- ↑ a b The Nelson Study Bible. Thomas Nelson, Inc. 1997
- ↑ a b c d (ing basa Indonésia) William Barclay. 1986, Pemahaman Alkitab Setiap Hari - Roma. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hlm. 9-21.
- ↑ John Arthur Thomas Robinson (1919-1983). "Redating the New Testament". Westminster Press, 1976. 369 halaman. ISBN 10: 1-57910-527-0; ISBN 13: 978-1-57910-527-3
- ↑ W. G. Kummel, "Introduction to the New Testament" (Heidelberg 1963),ET 1966; 21975.
- ↑ a b Para Rasul 20:3
- ↑ Para Rasul 20:6
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |