Mesir

nagara ing Afrika Lor

Républik Arab Mesir, kondhang minangka Mesir, (Arab: مصر‎‎) iku nagara kang sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ana ing Afrika pérangan lor-wétan. Kanthi jembar wewengkon watara 997.739 km² Mesir nyakup Ujung Sinai (dianggep péranganing Asia Kulon-Kidul), déné sapérangan gedhé wewengkoné dumunung ing Afrika Lor. Mesir wewatesan karo Libya ing sisih kulon, Sudan ing sisih kidul, jalur Gaza lan Israèl ing sisih lor-wétan. Watesé karo tlatah sagara ya iku Sagara Tengah ing sisih lor lan Sagara Abang ing sisih wétan. Mayoritas kang ndunungi Mesir manggon ing pinggir Kali Nil (watara 40.000 km²). Sapérangan gedhé dharatan minangka péranganing sagara wedhi utawa ara-ara Sahara kang arang dipanggoni. Mesir misuwur kanthi peradaban kuna lan rupa-rupa monumen kuna paling mégah ing donya, upamané Piramid Giza, Kuil Karnak lan Lembah Raja sarta Kuil Ramses. Ing Luxor, sawijining kutha ing tlatah wewengkon kidul, ana artefak kuna kang nyakup watara 65% artefak kuna ing saindhenging donya. Saiki, Mesir diakoni kanthi umum minangka pusat budaya lan pulitik utama ing wewengkon Arab lan Timur Tengah.

Républik Arab Mesir
Gendéraning Mesir
Gendéra
Aditamènging Mesir
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: Biladi, Biladi, Biladi
Dunungpenering Mesir
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Kairo
JawatbasaArab
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
0,6%
Population
• Pikira-kira 2005
77.505.756 (15)
• Cacahjiwa 2004
76.117.420
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$282,3 milyar (31)
• Saben wong
US$1.350 (115)
ArtacihnaPound (EGP)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl20
TLD internèt.eg
Sphinx lan pyramid Giza

Pulitik

besut

Mesir awangun republik wiwit 18 Juni 1953. Mohamed Hosni Mubarak mengku kalungguhan minangka Présidhèn Mesir suwéné limang periode, wiwit 14 Oktober 1981 sawisé Présidhèn Mohammed Anwar el-Sadat diprajaya. Liyané iku, dhèwé uga pemimpin Parté Dhémokrat Nasional. Nayakotama Mesir, Dr. Ahmed Nazif dilantik ing 9 Juli 2004 nggantèkaké Dr. Atef Ebeid.

Kakuwasan ing Mesir diatur kanthi sistem semipresidensial multipartai. Sacara teoritis, kakuwasan èksekutif dipara antara présidhèn lan nayakotama nanging sajeroning praktek sadina-dina kakuwasan apunjer ing tangan présidhèn, kang dipilih jaroning Pemilu minangka kandidat tunggal. Mesir uga ngonoaké Pemilu parlemen multipartai.

Ana ing pungkasan Fèbruari 2005, Présidhèn Mubarak mbiwara owah-owahan aturan pemilihan présidhèn kanggo Pemilu multikandidat. kanggo sapisanan wiwit 1952, rakyat Mesir olèh kasempatan kanggo milih pemimpin saka pratélan warna-warna kandidat. Nanging, paugeran kang anyar uga nerapaké warna-warna watesan saéngga para tokoh, kaya déné Ayman Nour, ora bisa mèlu Pemilihan lan Mubarak menang manèh.

Dhémografi

besut

Mesir minangka nagara Arab paling akèh kang ndunungi watara 74 yuta. Mèh kabèh populasi dumunung ing sadawané Kali Nil, mligi Iskandariyah lan Kairo, lan sadawané Delta Nil lan cedhak Terusan Suez. Mèh 90% saka populasiné pemeluk agama Islam lan sisané Kristen (mligi denominasi Coptic. Padunung Mesir mèh homogin. Prabawa Mediterania (kaya Arab lan Italia) lan Arab muncul ing sisih lor, lan ana sawatara kang ndunungi asli ireng ing sisih kidul. Akèh téyori wis diusulaké bab asal-usul wong Mesir, nanging ora ana kang konklusif, lan kang paling akèh ditampa ya iku masarakat Mesir minangka campuran saka wong Afrika Wétan lan Asiatik kang pindhah menyang lembah Kali Nil sawisé jaman es. Wong Mesir nggunakaké basa saka kulawarga Afro-Asiatik (sadurungé dikenal minangka Hamito-semitic).

Pamérangan Administratif

besut

Mesir dipérang dadi 26 governorat (muhafazat; tunggal – muhafazah):

Agama

besut
 
Péta Mesir
 
Gréja Ortodok Coptic ing Aleksandria

Agama duwé peranan wigati tumrap urip ing Mesir. Sacara ora resmi, adan kang dikumandangké ping lima sadina dadi pathokan warna-warna kagiyatan. Kairo uga dikenal kanthi warna-warna menara masjid lan gréja. Miturut konstitusi Mesir, kabèh perundang-undangan kudu cocog karo hukum Islam. Nagara ngakoni madahab Hanafi liwat Kementrian Agama. Imam dilatih ing sekolah keahlian kanggo imam lan ing Universitas Al-Azhar, kang duwé komite kanggo mènèhi fatwa bab masalah agama.

Sangang puluh persèn kang ndunungi Mesir penganut Islam, mayoritas Sunni lan sapérangan uga nganut ajaran Sufi lokal. Watara 10% kang ndunungi Mesir nganut agama Kristen; 95% ing denominasi Koptik (Koptik Ortodoks, Katulik Koptik, lan Protèstan Koptik.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut