Bathik ya iku saka kosa kata bahasa jawa yaiku ''amba" séng artine nulis lan "titik". bathik dihasilke seka bahan malam sék diterapake ing nduwur kain kanggo nahan manjingé bahan pawerna. Bathik wes teka kanthi corak lan werna sing iso nggambarke zaman lan lingkungan sing nglahirke. Bathik Ing pulo jawa sing dadi hasil ing kraton wés dadi komuditas perdagangan sing menarik ing sakdawane pesisir lor.

Miturut Mari S Condronegoro seka trah Sri Sultan Hamengku Buwono VII, ing lingkungan bangsawan kraton ing jawa, kain bathik dikenalke minangka sandhangan dhèwèké kabèh. kain bathik ing lingkungan kraton digunakke kanggo sekabéhané keperluan, sandhangan bedinan ,sandangan keprabon,sandhangan kanggo nekani upacara tradisi, lan sak panunggalané. sandhangan priya jawa kadiri saka tutup sirah,nyamping,kampuh,sakabéhané saka bathik.

sandhangan putri jawa yo nganggo kain bathik. kala mbién bathik digawé kanggo putri sultan kawét rupa mori, diprosés nganti dadi kain bathik siap dinggo. kabéh dikerjakké dibantu para abdi dalem. mbathik ing lingkungan kraton kerjaan sing dikerjakké wong wédok. wong wédok jawa,ono keharusan hiso mbatik amarga mbatik podo karo nglatih kesabaran,ketekunan,olah rasa lan olah krasa.

ana pola bathik kang dadi larangan ya iku: parang rusak barong,parang rusak gendreh,parang klithik,semen gedhe sawat gurdha, semen gedge sawar lar,udan liris,rujak sénthé.

warna putih dadi ciri khase bathik kesultanan Yogyakarta, warna putih kacoklatan utawa crem dadi ciri khas kraton surakarta. loro pola bathik sing terkenal seka Pakulaman, yakni pola candi bruna sing terkenal kawit tahun 1920 lan Peksi Manyuro yaiku ciptaan RM Notoadisuryo. Pola bathik séng terkenal ing kasultanan ya iku : Ceplok Blah Kedaton,Tambal Nitik, Parang Barong Bintang Leider,lan sak panunggalané.[1]

Rujukan

besut
  1. Anindito., Prasetyo, (2010). Batik : karya agung warisan budaya dunia (édhisi ka-Cet. 1). [Yogyakarta]: Pura Pustaka. ISBN 9789791706209. OCLC 688645162.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)