Bathik

titik malam (lilin) ing kain, asline saking Jawa

Bathik iku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginakaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kapungkur. Asal tembung bathik yaiku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) kang tegesé: nggambar utawa nulis.

Bathik Indonésia

Werna-warna utama bathik Jawa yaiku warna biru nila lan Soklat (warna). Celupan biru lan soklat kang digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).

Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing bahan sandhangan. Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong prakara. Sing sapisan, cara mernani (gawé warna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak warna ngresep ing kain. Ing literatur Internasional, tèhnik iki ditepungi kanthi peparab wax-resist dyeing. Pangertèn kaloro yaiku kain utawa busana kang digawé kanthi migunakaké cara mau, kalebu kagunan motif-motif tartamtu kang kas.

Bathik Indonésia, kanthi midhangetaké sakabèhané tèhnik, tèknologi, sarta motif lan budaya kang gepok-sénggol, déning UNESCO wis dikukuhaké dadi Warisan Kamanungsan kanggo Budaya Lisan lan Ora Wujud Barang (Masterpieces of the Oral and Intangible Heritage of Humanity) wiwit 2 Oktober, 2009.[1]

Sajarah gawé bathik

besut
 
Tèkstil bathik saka Niya (Cekungan Tarim), Tiongkok
 
Dhetil ukiran kain kang dianggo Prajnaparamita, reca saka Jawa Wétan ing abad angka 13. Ukiran kembang-kembang kang rumit iki mèmper karo bathik Jawa jaman saiki.
 
Bathik

Seni gawé kelir ing kain kanthi migunakaké malam iku tèhnik lawas saka jaman kuna. Panemon ing Mesir nuduhaké yèn cara iki wis tinemu ing abad angka 4 SM, kanthi tinemu kain bungkus mumi kang dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, tèhnik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang (618-907) sarta ing India lan Jepang jaman Periodhe Nara (645-794). Ing Afrika, tèhnik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninke lan Wolof ing Senegal.

Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populèr nalika pungkasané abad XVIII utawa wiwitané abad XIX. Bathik kang diasilké yaiku kabèh bathik tulis nganti wiwitané abad XX lan bathik cap nembé ditepungi sawisé ana Perang Donya I utawa taun 1920-an.[2] Tembung "bathik" asalé saka basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné. G.P. Rouffaer duwé pandhapat yèn tèhnik bathik iki dimungkinaké ana lan ditepungaké saka India utawa Srilangka nalika abad kaping 6 utawa kaping 7. Saliyané iku, J.L.A. Brandes (arkéolog saka Walanda) lan F.A. Sutjipto (arkéolog saka Indonésia) duwé kapitayan yèn tradhisi bathik yaiku asli saka laladan kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua. Wewengkon-wewengkon mau dudu wewengkon kang kena prabawa saka Hindhuisme nanging bisa dingertèni yèn wewengkon mau duwé tradhisi kuna kanggo gawé bathik.[3]

G.P. Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kadhiri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing tinemu ing Jawa ana ing jaman semono.[3] Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita, yaiku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wétan abad kaping 13.

Dhetil klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional Jawa kang bisa tinemu jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad kaping 13 utawa malah sadurungé iku uga wis ana.

Legendha ana ing literatur Malayu abad kaping 17, Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang diwènèhi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golèk 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré. Amarga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.[4]

Ana ing literatur Éropah, tèhnik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java (London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggris ing tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi saklembar bathik kang olèh nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdam lan wiwitané abad kaping 19 iku bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika dipamèraké ana ing Exposition Universelle ing Paris taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.

Budaya bathik

besut

Bathik yaiku kerajinan kang duwé pangaji seni dhuwur lan dadi pérangan kang ora bisa dipisahaké saka budaya Indonésia (mligi budaya Jawa). Wong wadon Jawa jaman dhisik ndadèkaké ketrampilan ana ing babagan bathik dadi pagawéan, dadi ing jaman dhisik pagawéan mbathik duwé kalungguhan kang èksklusif nganti tinemu jinis "Bathik Cap" kang ana kamungkinan wong lanang bisa lumebu ana ing pagawéan mbathik iki. Ana pangecualian kanggo fénoména iki, yaiku bathik pasisir kang duwé garis maskulin kaya kang ana ing motif bathik "Mega Mendhung", bathik saka laladan pesisiran lumrahé dilakokaké denong para wong lanang. Tradhisi mbathik wiwitané dadi tradhisi kang turun temurun, iku ndadèkaké sok sok motif bathik bisa dingertèni yèn iku bathik saka kulawarga ngendi. Motif bathik kang dinggo bisa nuduhaké statusé wong. Saiki ana motif bathik mirunggan kang dinggo déning para kulawarga ing Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta. Bathik dadi salah siji warisan leluhur Jawa kang nganti saiki isih ana. Bathik pisanan ditepungaké menyang nagara manca déning Présidhèn Soeharto, yaiku nalika ana ing konfrènsi PBB.

Piranti kanggo gawé bathik

besut
 
Piranti kanggo gawé bathik ing Musiyum Nasional Indonésia. Saka ndhuwur tengah: canthing, saka kiwa nengen: sikat kayu kanthi rambut serat klapa, kaliper wesi kanggo ngukur, uga kaliper, panjepit, palu, lan file.

Cara gawé bathik

besut

Awalé bathik digawé ing sandhuwuré bahan kanthi warna putih kang kagawé saka kapas kang diarani kain mori. Diwasa iki bathik uga digawé ing sandhuwuré bahan liya kaya ta sutra, poliester, rayon lan bahan sintetis liyané.

Motif bathik diwangun nganggo cuwéran lilin kanthi migunakaké piranti kang diarani canthing kanggo motif alus, utawa kuwas kanggo motif mawa ukuran gedhé, saéngga cuwéran lilin mresep sajeroning serat kain. Kain kang wis dilukis nganggo lilin banjur dicelup kanthi warna kang dikarepaké, lumrahé diwiwiti saka warna-warna enom. Panyelupan banjur dilakokaké kanggo motif liya kanthi warna luwih tuwa utawa peteng. Sawisé makaping-kaping ngliwati prosès pawernan, kain kang wis dibathik dicelupaké menyang bahan kimia kanggo nglarutaké lilin.

Motif

besut

Jinis motif bathik

besut

Banji

besut

Banji yaiku motif bathik kang isih dianggo déning bathik Banyumas kang digawé kanthi motif gedhé lan wernané soklat utawa ireng sarta digawé kanthi bedésan.[5] Bedésan yaiku salah sijiné cara nggawé bathik tanpa ngilangi lilin bathik ing tengah-tengah prosèsé nggawé bathik kanthi prosès kang diwalik yaiku dicet ing tèmbok lan dicelup soga, dicap klowong, dicelup wedel banjur dilorod.[5]

Jinising motif banji yaiku[5]:

  • Banji guling.[5]
  • Banji bengkok.[5]
  • Banji kacip.[5]
  • Banji kerton.[5]

Ceplok

besut

Ceplokan utawa ceplok yaiku motif bathik kang ing njeroné ana gambar-gambar kang wujudé bunderan, rosèt, lintang lan variasi liyané.[5] Kanthi gambar kang ana ing motif ceplokan iku isih ngandhut segi papat lan bunderan, semono uga motif ceplok uga bisa digolongake ing motif géometris.[5]

Motif ceplok dijupuk saka kang nggawé sapisanan yaiku[5]:

  • Ceplok Purbonagara[5]
  • Ceplok Madu Sumirat[5]
  • Ceplok Sirat Madu[5]
  • Ceplok Cakrakusuma[5]

Motif ceplok kapérang saka ornamèné yaiku[5]:

  • Ceplok Kembang Jeruk[5]
  • Ceplok Manggis[5]
  • Ceplok Salak Sategal[5]
  • Ceplok Supit Urang[5]
  • Ceplok Cakar Pitik[5]
  • Ceplok Gandosan[5]
  • Ceplok Kembang Waru[5]
  • Ceplok Lung Slop[5]
  • Ceplok Gambir Saketi[5]

Motif ceplok kapérang saka asal laladan yaiku[5]

  • Ceplok Kretek[5]
  • Ceplok Nagasari[5]
  • Ceplok Karang Madura[5]

Motif bathik miturut laladan asal

besut
 
Bathik Cirebon

Jinising bathik

besut
 
Lukisan bathik nggambaraken tokoh wayang Rama lan Sinta

Jinising bathik miturut tèhnik:

  • Bathik tulis yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik digawé nganggo tangan.[7] Cara nggawé bathik iki kira-kira mbutuhaké wektu antarané 2 nganti 3 sasi.[7]
  • Bathik cap yaiku kain kang dihias kanthi tèkstur lan corak bathik kang diwangun nganggo cap (lumrahé digawé saka tembaga).[7] Prosès kanggo gawé bathik cap iku kira-kira mbutuhaké wektu 2-3 dina.[7]
  • Bathik lukis yaiku bathik kang digawé kanthi cara nglukis langsung ana ing kain putih.[7]

Cathetan sikil

besut
  1. www.unesco.org
  2. "pesonabatik.site40.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-11-01. Dibukak ing 2011-06-08.
  3. a b Iwan Tirta, Gareth L. Steen, Deborah M. Urso, Mario Alisjahbana, 'Batik: a play of lights and shades, Volume 1', By Gaya Favorit Press, 1996, ISBN 979-515-313-7, 9789795153139[pranala mati permanèn]
  4. Dewan sastera, Volume 31, Issues 1-6 By Dewan Basa dan Pustaka
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab www.gusbud.web.id[pranala mati permanèn]
  6. a b c d e f g h kompas 6 Juni 2011. (2011). Merajut Nusantara Melalui Rajutan Batik. Jakarta: Kompas
  7. a b c d e www.anekaartikel.com[pranala mati permanèn]