Mumi iku mayit kang diawetaké, amarga kanggo njaga saka dekomposisi déning cara alami utawa gawéan, mula wujud asliné isih bisa kajaga.[1] Kaya mangkéné iki bisa dilakoni kanthi cara nyèlèhaké mayit iku ing panggonan kang garing banget utawa panggonan kang atis banget, utawa panggonan kang ora ana kadhar oksigene, utawa ora sarana bahan kimia. Mumi kang paling misuwur iku mumi kang dibalsam kanthi ancas pangawetan tartamtu, mligi ing Mesir kuna. Wong Mesir mitayani yèn awak iku panggonan Ka, wong kang wigati banget sajeroning urip panguripane. Ing Cina, wis tinemu peti mati sipres kang kelem kanthi migunakaké tuwuhan usada. Mumi kang wujudé amarga kadadéan alami, kaya déné ing panggonan kang atis banget (Ötzi (manungsa es), asem (manungsa Tollund)) utawa kegaringen kaya déné kang akahé tinomekaké ing pirang-pirang panggonan ing donya. Pirang-pirang mumi kang bisa kaawet kanthi apik sajeroning kaanan kang alami wiwit kalamangsa Inca ing Péru.

Mumi Yunani kang ana ing Vatican Museums.
Mumi.
style="border-bottom:2px solid Cithakan:Hiero/egypt/bordercolour; background:Cithakan:Hiero/egypt/bgcolour; padding:5px; text-align:center;" | Mumi (sˁḥ)
dalam hieroglif
z
,
a
HA53

Mumifikasi bisa kalakon ing suhu panas lan garing mula awaké bakalan kadehidrasi kanthi rikat. Mumifikasi bisa dilakoni sasuwéné 12-14 minggu. Jaringan bakalan owah dadi atos, garing, awarna coklat peteng, dadi keriput lan ora bakalan bisa bosok.[2]

Cathetan sikil

besut
  1. (ing basa Inggris)dictionary.reference.com Mummy (kaundhuh tanggal 28 Agustus 2011)
  2. (ing basa Inggris)science.howstuffworks.com How Mummies Work (kaundhuh tanggal 28 Agustus 2011)

Pranala njaba

besut