Bathik tulis ya iku bathik sing ditulis. Ana pirang-pirang panemu sing ngelompokaké bathik dadi rong kelompok seni bathik, ya iku bathik keraton (Surakarta lan Ngayogyakarta) lan seni bathik pesisir. Motif seni bathik keraton akèh sing nduwèni arti filosofi, sarat kanthi makna kauripan. Motif kuno keraton kaya pola panji (abad ke-14), lan perang, uga motif anyaman kaya tirta téja. Banjur motif bathik pesisir nuduhaké gambaran liya kanthi bathik keraton. Bathik pesisir luwih bébas uga akéh motif lan werna.

Bathik tulis digarap nganggo canthing ya iku alat sing digawé saka tembaga sing dibentuk kanggo nampung malam (lilin bathik) kanthi pucukan kaya pipa cilik kanggo ngetokaké malam kanggo miwiti nggawé gambar ing mori. Werna kain biasané luwih enom timbang werna corèkan motif (bathik, tulis putihan/tembokan). Wektu sing dibutuhaké kanggo nggawé bathik tulis luwih suwé tinimbang nggawé bathik cap. Regané bathik tulis luwih larang, amarga saka kualitas biasané luwih apik, méwah lan unik.[1]

Rujukan besut

  1. Anindito., Prasetyo, (2010). Batik : karya agung warisan budaya dunia (édhisi ka-Cet. 1). [Yogyakarta]: Pura Pustaka. ISBN 9789791706209. OCLC 688645162.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)