Bledhug Kuwu iku kawah blethok (mud volcanoes) kang dumunung ing désa Kuwu, Kacamatan Kradènan, Kabupatèn Grobogan, Provinsi Jawa Tengah. Papan iki bisa ditempuh kurang luwih 28 km mangétan saka kutha Purwadadi. Bledhug Kuwu minangka salah siji obyek wisata andalan ing laladan iki, saliyané sumber geni abadi Mrapèn, lan Wadhuk Kedungombo. Obyèk kang narik kawigatèn saka bledhug iki ya iku jeblugan-jeblugan blethok kang ngandhut uyah lan terus-terusan, saben 2 utawa 3 menit.

Bledhug Kuwu
Foto Bledhug Kuwu kolèksi Troopenmuseum

Géologi besut

Sacara géologi, kawah blethok Kuwu, kaya déné kawah blethok liyané, iku aktivitas panglepasan gas saka jero teras bumi. Gas iki racaké wujud métana. Kuwu iku siji-sijiné kang dumunung ing Jawa Tengah. Jeblugan-jeblugan blethok kang dumadi racaké nggawa larutan kaya mineral saka pérangan ngisor blethok mendhuwur. Kasus Sidoarjo uga minangka wangun kawah blethok, sanadyan kang pungkasan iki tingkat aktivitasé luwih dhuwur.

Kandhutan uyah besut

Blethok saka kawah iki banyuné ngandhut uyah, déning masarakat lokal dimanfaatké kanggo bahan gawé uyah bleng (IPA: /bləng/) kanthi tradhisional. Carané kanthi nampung banyu saka bledhug iku sajeroning glagah (pring) kang dibelah dadi loro, banjur digaringaké.

Legendha besut

Miturut carita turun temurun kang ana ing kalangan masarakat, Bledhug Kuwu dumadi amarga anané bolongan kang nyambungaké panggonan iku karo Sagara Kidul (Samudera Hindia). Kocap kacarta bolongan mau wujud dalan mulihé Joko Linglung saka Sagara Kidul tumuju karajan Medhang Kamulan sawisé ngalahaké Prabu Dewata Cengkar sing wis owah dadi bajul putih ing Sagara Kidul. Joko Linglung jaré bisa gawé bolongan mau amarga bisa njélma dadi ula naga kang dadi syarat supaya diakoni minangka anaké.[1]

Réferènsi besut

Uga delengen besut

Pranala njaba besut