Budi pekerti asalé tembung budi saka tembung basa Sansekerta “bud” sing tegesé lilir, tangi, gumrégah, sadhar ing babagan kajiwan. Sabanjuré tembung “pekerti” sing duwèni teges tumindak, tumandang, makarya, makarti ing babagan karagan. Pekerti ana sambung rapeté karo tindak tanduk jiwa lan raga lair lan batin, budi pekerti bisa dipilah nanging ora bisa dipisah. Ana ing kawruh métafisika sinebut The Law of Two, paugeran loro sing tansah ana, lair pasangané batin, ala pasangané becik, salah pasangané bener, déné padhang ana pasangané peteng, luhur, asor lan sapituruté. Mula ana budi pekerti sing bisa dipilah dadi luhur lan asor, utama lan nistha, ala lan becik, lan liya-liyané. Budi lan pekerti sing ala prayoga disingkiri nanging budi pekerti sing becik diudi lan dicakaké ing bebrayan, kaya ta sregep nyambut gawé, duwèni tanggung jawab, iman mantep, andhap asor, pikirané menep, pikirané jembar, prasaja, gumregut, winangun, tansah muji sukur lan liya-liyané.

Pratèlan Ki Hadjar Dewantara

besut

Ki Hadjar Dewantara uga mratélakaké manawa budi pekerti luhur disebutaké ana ing tataran diri pribadi, kulawarga, bebrayan, lan sesamaning bangsa. Etika lan ajaran moral dadi sarana sing nuntun sapa waé supaya bisa urip sing bener, wicaksana, éndah lan sapituruté. Kanggo mujudaké kahanan iki perlu paugeran, nurma, kaidah, tata krama, tata cara, tata susila, ètikèt, lan sapituruté, sing kudu diugemi lan ditatati. Budi pekerti luhur ora bisa pisah saka sumber utawa tuké étika lan ajaran moral, yakuwi ana ing agama apa waé. Akèh banget piwulang utawa ajaran agama sing nuntun supaya bisa apik, nemu begja lan mulya ing donya lan akérat. Ana ing filsafat Tao Sin uga akeh ngemot kaidah utawa ajaran moral sing nuduhaké dalan kebajikan, kautaman, kawicaksanan, lan kaluhuran.

Tinemu ing Sastra

besut

Ajaran apadéné nilai-nilai ètis lan moral uga tinemu ing seni sastra, seni rupa, seni tari, seni musik, dongèng, tembang lan sapituruté. Ajaran ètik lan moral uga tinemu ing jagad pewayangan. Pagelaran wayang sing duwé unsur-unsur kaéndahan yakuwi seni sastra, widya utawa filsafat lan ilmu, pentas lan seni ripta utawa kréatifitas bisa dadi salah sijining sarana wiyata budi pekerti. Lumantar pagelaran wayang bisa dadi alternatif metodhe gegulang watak sing cocog, amarga tuntunan lan wulangan ing pewayangan ora duwèni sipat doktrinèr, dirungokaké, lan dirasakaké. Lakon-lakon wayang sing sumberé saka Kakawin Ramayana lan Mahabarata, duweni nilai-nilai sing éndah, unik lan adiluhung.

Paraga utama ing pewayangan sing duwèni watak becik, bisa dadi conto tuladha. Wewaton sumber-sumber ajaran ètika lan moral, budi pekerti luhur bisa diudi, dikulinakaké, lan dirembakakaké. Wiyata budi pekerti ana ing bebrayan sing lagi nandang krisis multidimènsi prayoga dipilah lan ditata. Pendidikan budi pekerti kang luhur dadi babagan sing wigati amarga duwé nilai-nilai sing éndah lan adiluhung kanggo bangun wataking bangsa.