Campur kodhe inggih punika dipunginakakenipun ékan basa saking satunggal basa dhateng basa sanèsipun kanggé miyaraken gaya basa utawi rupa basa. Ingkang mlebet wonten ing lebetipun kajian campur kodhe inggih punika dipunginakakenipun tembung, klausa, idiom, sapaan, lan sapanunggalanipun.[1] Campur kodhe inggih punika prosès ingkang sami ingkang dipun-ginakaken nalika damel basa pidgin. Nanging ingkang bédakaken inggih punika basa pidgin dipundamel wonten ing golongan - golongan ingkang ngginakaken satunggal basa ingkang sami, déné campur kodhe sampun kadadosan nalika panutur multilingual ngginakaken satunggal basa ingkang sami utawi langkung.

guneman tiyang campur kodhe

Titikanipun Campur kodhe

besut

Campur kodhe kadadosan nalika satunggaling panutur ngginakaken satunggaling basa ingkang dominan njurung satunggaling tuturan ingkang dipunseseli kanthi wontenipun unsur basa sanèsipun.[2] Perkawis punika dipunjalari gayut kaliyan karakteristik panutur, kados ta dhasaring prakawis sosial, tingkat pendidikan, raos keagamaan. Titikanipun campur kodhe ingkang paling katingal inggih punika saking swasana gunemanipun inggih mawi swasana nyate utawi ing swasana informal. Perkawis punika saged kadadosan amargi kawatesaning basa ingkang dipun-ginakaken. Dados, nalika guneman wonten basa ingkang dipunserep saking basa sanès amargi unsur basa kasebat boten wonten ing basa ingkang dominan nembé dipun-ginakaken guneman, utawi wonten basa ingkang tegesipun sami nanging kirang pas manawi dipun-ginakaken lajeng kanggé ngepasaken lan langkung trepipun kedah ngampil unsur basa sanèsipun.

Jinising Campur kodhe

besut

Jinising campur kodhe punika kapérang dados kalih, inggih punika :

  1. campur kodhe dhateng lebet utawi ingkang asring dipunsebat innercode- mixing, inggih punika campur kodhe ingkang sumberipun saking basa asli kanthi sedaya variasinipun, saha
  2. Campur kodhe dhateng njawi (outer code- mixing) inggih punika campur kodhe ingkang asalipun saking basa asing.

Dhasaring prakawis wontenipun campur kodhe saged kapérang dados kalih, inggih punika saking sikap, inggih punika dhasaring prakawis sikapipun panutur, saha dhasaring prakawis saking kawatesaning basa, saéngga boten wonten alesan kanggé ngidentifikasi peranan, ngandharaken rupa, saha kepenginan kanggé ngandharaken utawi napsirake. Kanthi makaten, campur kodhe kadadosan kanthi wontenipun gayutan timbal balik ing antawisipun peran panutur, wujud basa, saha fungsinipun basa. Sapérangan wujudipun campur kodhe, ing antawisipun inggih punika,

  1. sisipan tembung
  2. sisipan frasa
  3. sisipan klausa
  4. sisipan idiom utawi ungkapan
  5. sisipan wujud baster utawi gabungan pembentukan asli saha asing.

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. Harimurti Kridalaksana (2008). Kamus Linguistik (edisi ke-Edisi Keempat). Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. ISBN 978-979-22-3570-8.
  2. [1][pranala mati permanèn] AMPUR KODE BAHASA INDONESIA (BI) TERHADAP BAHASA BATAK TOBA(BT) OLEH KOMUNITAS MAHASISWA BATAK TOBA (dipunundhuh tanggal 16 Januari 2013)