Dhadhung Awuk inggih punika salah satunggaling seni pagelaran ingkang asalipun saking Daérah Istiméwa Yogyakarta.[1] Seni pertunjukan punika kalebet téater rakyat ingkang awujud drama tari. Drama tari inggih punika pagelaran ingkang nggabungken dolanan, drama, tari lan iringan musik. Dipun tedahaken bilih Dhadung Awuk minangka pangrembakanipun Srandhul ingkang ugi kalebet kagunan rakyat.[2] Ananging wonten ingkang mbédakaken antawisipun Dhadung Awuk kaliyan Srandhul, inggih punika Dhadung Awuk mligi mentasaken lakon-lakon ingkang ngewrat lakon utami ingkang asma Dhadung Awuk ingkang kapérang wonten sapérangan sèri, wiwit alitipun ngantos dumugi ing kerajaan Demak, lajeng kepanggih kaliyan Jaka Tingkir. Déné Srandhul mentasaken lakon ingkang asalipun saking Serat Menak, cariyos Panji, legénda kaliyan dongèng.

Dhadung Awuk tewah kaliyan berkembang dados salah satunggaling téater rakyat ingkang nggadhahi fungsi utami hiburan dhateng masarakat. Fungsi sanèsipun ingkang boten kawon wigatosipun inggih punika dados média pangraket nilai-nilai sosial lebeting masarakat. Dhadung Awuk ugi berfungsi dados sistem kontrol sosial, ngajaraken budi kasaenan,[3] kaliyan média panerang ingkang èfèktif kanggé masarakat.[4]

Lelakoning pertunjukan besut

Kanggé mentasaken pertunjukan Dhadung Awuk kanthi jangkep dipun betahaken pandhukung kirang langkung 30 tiyang, inggih punika 9 tiyang dados juru musik kaliyan juru nyanyi saha 21 tiyang dados juru paraga ingkang sedayanipun jaler. Lakon èstri ing pertujukan punika ugi diparagakaken déning tiyang jaler. Limrahipun kagunan Dhadung Awuk dipun pentasaken ing panggènan umum ingkang antawisipun plataran griya, lapangan, pendhapa, utawi panggung-panggung kagunan ing satunggaling kalodhangan. Pirantos musik ingkang dipun anggé wonten Dhadung Awuk sami kaliyan pirantos musik Srandhul, inggih punika angklung,[5] kendhang kaliyan terbang. Pementasan dipun wiwiti kanthi pertunjukan musik kanggé narik kawigatosan penonton. Kala penonton sampun makempal, pamentasan dilajengaken kaliyan musik pambuka, sarta pambikakan déning satunggaling dalang utawi juru cariyos. Juru cariyos lajeng aruh penonton kaliyan medharaken lakon ingkang badhé ditampilaken. Salajengipun pambeksa sami tampil kanthi medal kaliyan mlebet panggung. Sedaya pambeksa kaliyan juru paraga ketingal prasaja. Beksan kaliyan busana sarta sipat ingkang dipun tampilaken benten-benten gimantung kaliyan lakon-lakon ingkang dipun peragakaken.

Legénda Dhadung Awuk kaliyan Jaka Tingkir besut

Legénda punika nyariyosaken bab tetandhingan antawisipun Jaka Tingkir kaliyan Dhadung Awuk. Joko Tingkir utawi Sultan Hadiwijaya alias Karèbèt inggih punika salah satunggaling prajurit ingkang nembé mawon lulus saking pandhidhikan militèr ing Demak Bintara. Kariripun cekap saé ketingal saking minggahipun pangkat ingkang dipun tampi saéngga dados lurah. Joko Tingkir kedah nilar jabatan lurah ingkang dèrèng dangu dipun tampi amargi piyambakipun angsal pangkat ingkang inggil malih, inggih punika dados sénapati ingkang tanggel jawabipun njagi kawilujengan raja lan sadhèrèkipun.

Ing satunggaling siyang, Jaka Tingkir saweg wonten ing plataran kamandungan kanggé ningali ujian utawi pendadaran calon perwira énggal. Kanggé lulus uji punika tantanganipun boten kulinten utawi basa sederhananipun awrat sanget. Sanadyan piyambakipun kala punika sampun dados pérwira inggil, Joko Tingkir taksih mriksani langsung ujianipun. Kasebat satunggaling tiyang nèm-nèman tegap ingkang keker sanget dedeg pangadeg badanipun, naminipun Dhadung Awuk. Piyambakipun sanès sosok ingkang saged dipun anggep alitan amargi kakiyatanipun. Dhadung Awuk inggih punika salah satunggaling panyarta ing pendadaran punika. Jaka Tingkir rumaos tertarik kaliyan Dhadung Awuk ingkang nembé mawon ngawonaken setunggal banteng. Malah saking kiyatipun, banteng kala wau sirahipun remuk namung kanthi sepisan antemanipun Dhadung Awuk. Minangka tiyang ingkang tanggel jawab wonten helatan punika, pungkasanipun Jaka Tingkir murugi Dhadung Awuk ingkang kabekta éuforia kamenanganipun. Dhadung Awuk malah ngajeng-ajeng sanget Karebet ingkang kesohor punika kajeng langsung manguji.[6] Pertandhingan punika kedados cekap alot. Dhadung Awuk ingkang rumaos bangga ing kamenanganipun sombong jalaran kahébatanipun,[7] nanging malah léngah déning kakiyatan Joko Tingkir ingkang kasil ngawonakenipun. Dhadung Awuk pejah.[8]

Kapejahan ingkang boten disengaja punika lajeng ndadosaken gègèr. Pungkasanipun Joko Tingkir dipun andhapaken saking jabatanipun amargi kawontenan pulitik dados boten kondusif sasampunipun kedadosan punika. Karir militèr ingkang dipun rintis kanthi cucuran kringet lan rah punika kedah pupus amargi provokasi Dhadung Awuk.[9]

Pakembangan Dhadung Awuk besut

Ing masa sapunika téater rakyat Dhadung Awuk ing Daérah Istiméwa Yogyakarta kaancem punah sanadyan taksih dipun wontenaken pinten-pinten pentas déning Kundha Kabudayan Daérah Istiméwa Yogyakarta.[10] Salah satunggaling grup kagunan Dhadung Awuk ingkang taksih bertahan inggih punika Dhadung Awuk Mudatama ingkang wonten ing Tegalrejo, Tamanmartani, Sleman, Yogyakarta. Kanthi pinten-pinten katerbatasan, grup kagunan punika taksih nyobi kangge bertahan. Dhadung Awuk Mudatama namung ngawontenaken pentas nalika pihak-pihak tartamtu paring kalodhangan kangge pentas utawi nalika pengetan dinten Kamardikan Republik Indonesia kanthi panyengkuyung saking masarakat.[11]

Dhadung Awuk saèstunipun kalebet salah satunggaling seni pagelaran ingkang cekap fléksibel amargi kuwawi ngakomodasi pakembangan jaman tanpa kedah ngicalaken nilai-nilai tradhisi. Pramila, Dhadung Awuk wigatos dipun lestantunaken amargi ngandhut nilai-nilai tradhisi ingkang prayogi dipun mangertosi déning masarakat.

Rujukan besut

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2023-02-03. Dibukak ing 2023-02-03.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. ""Dadung Awuk" Kesenian Gunung Kidul Yang Serupa Srandul". Informasi Budaya Jawa (ing basa Indonesia). 2017-11-20. Diarsip saka sing asli ing 2019-03-06. Dibukak ing 2019-03-04.
  3. Sufiana (2011). "Srandul Dadungawuk Puserbumi Prambanan dalam Lakon "Lahire Cokrosudarmin"". Dewa Ruci: Jurnal Pengkajian dan Penciptaan Seni (ing basa Indonesia). 7 (2). doi:10.33153/dewaruci.v7i2.1023. ISSN 2685-287X.
  4. Nina Herawati, 1110643014 (2017-01-19). Bentuk Dan Fungsi Pementasan Lakon Dhadung Awuk Dalam Teater Tradisional Srandul Oleh Kelompok Sedya Rukun Bokoharjo, Prambanan, Sleman (skripsi thesis) (ing basa Inggris). Institut Seni Indonesia Yogyakarta.{{cite thesis}}: CS1 maint: numeric names: authors list (link)
  5. Adam Rizki Handrianto, No Mhs 871 0102 012 (1992-07-29). Angklung Dalam Kesenian Rakyat Dadungawuk Di Dusun Gatak, Bokoharjo, Prambanan Sleman, Yogyakarta Sebuah Tinjauan Etnomusikologis (skripsi thesis) (ing basa Inggris). Institut Seni Indonesia Yogyakarta.
  6. "Kisah Jaka Tingkir Menaklukan Puluhan Buaya saat Menuju Demak". SINDOnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-03.
  7. Giri, Wide Priyambono (2016-03-18). "Nilai Budi Pekerti Dalam Cerbung Jaka Tingkir Karya Ambarwati, Majalah Djaka Lodang Edisi 17 Sampai 25 Tahun 2012". ADITYA - Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (ing basa Inggris). 8 (2): 41–55. ISSN 2303-0631.
  8. Media, Kompas Cyber (2022-08-25). "Sejarah Joko Tingkir Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-03.
  9. duniakeris (2018-02-08). "Kisah Dadung Awuk & Politik Kebo ala Joko Tingkir". DUNIA KERIS (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-03. Dibukak ing 2019-03-04.
  10. "Disbud DIY : Pentas Seni Dadung Awuk". www.tasteofjogja.org. Dibukak ing 2019-03-04.[pranala mati permanèn]
  11. Liputan6.com (2023-01-01). "Dadung Awuk, Dramatari yang Fleksibel dari Yogyakarta". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-03.