Dhaur Biogéokimia

Dhaur Biogéokimia iku papindhahan unsur kimia ing ékosistem lumantar dhaur ulang kang nglibataké komponèn biotik lan komponèn abiotik.[1] Matèri kimia kang rupané unsur-unsur panyusun bahan organik ing ékosistem pindhah ing trofik-trofik ranté panganan lan ora ngalami pangurangan, nanging pindhah ing papan awalé.[1] Unsur-unsur mau lumebu ing komponèn biotik lumantar udara, lemah utawa banyu.[1] Perkara mau nuduhaké anané gegandhèngan antarané komponèn biotik lan komponèn abiotik ing ékosistem.[1] Unsur-unsur kaya karbon, nitrogen, fosfor, welirang, hidrogen, lan oksigèn iku kalebu unsur kang wigati kanggo kauripan.[2]. Unsur-unsur mau dibutuhaké déning makluk urip ing cacah kang akèh lan unsur-unsur liyané ing cacah kang sethithik.[2] Unsur-unsur mau dimupangataké déning makluk urip terus, unsur-unsur mau mau tetep ana.[2] Iku disebabaké unsur kang dianggo déning organisme kanggo nyusun senyawa organik ing awaké organisme.[2] Sawektu organisme-organisme mati, unsur-unsur kang nyusun senyawa organik mau dibalèkaké manèh ing alam déning organisme pengurai mara lemah utawa mara udara.[2] Dadi, ing prosès biogéokimia iku nglibataké makluk urip, lemah, lan réaksi kimia.[2]

Tuladha saka Dhaur Biogéokimia ya iku dhaur banyu.

Dhaur biogéokimia iku nyakup: dhaur banyu, dhaur sulfur, dhaur fosfor, dhaur nitrogèn, dhaur karbon, lan dhaur oksigèn.[1]

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e (Anshori, Moch. , Martono, D.(2009)."Biologi 1 untuk Sekolah Menengah Atas (SMA) – Madrasah Aliah(MA) Kelas X (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.216)
  2. a b c d e f (Suwarno(2009)."Panduan Pembelajaran Biologi X SMA & MA) (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.189)