Dipun suwun apa dipunsuwun

Panulisé ater-ater dipun- kuwi sing bener kudu diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun (béda karo panulisé kula suwun).

Panulisé

besut
 
Pak, lampu ingkang dipunanggé sinau Dhik Sita boten saged dipungesangaken.

Tembung-tembung Jawa kang isih wungkul, kang durung olèh wuwuhan apa-apa, sing akèh, adhapur ngrong wanda (sanajan ana uga mung sawanda utawa luwih saka rong wanda). Manut pranatan, anasiring basa kang diarani tembung iku yèn ditulis nganggo aksara Latin kudu dipisah-pisah antarané siji Ian sijiné, ora digandhèng kaya yèn ditulis nganggo aksara Jawa. Amarga, dipun kuwi adhapur rong wanda Ian suwun uga rong wanda, mula banjur ana wong kang nulis dipun dipisah karo suwun, dadi dipun suwun, kanthi penganggep yèn anasiring basa kuwi adhapur rong tembung. Ananging, ana uga wong kang nulis dipun digandhèng utawa diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun, kanthi panganggep yèn anasiring basa iki mung adhapur satembung.

Satemené titikané tembung iku ora dumunung ana ing cacahé wandane. Ana tembung kang mung adhapur sawanda, upamané dom, bam, suh, lan, ta, ya, sing, wah, ananging ana anasiring basa kang wis dhapur rong wanda durung bisa diarani tembung, kaya ta -ipun, -ana, -aké, dom, bom, suh, Ian sapituruté iku diarani tembung jalaran wis awujud rimbagan utawa pasatuaning basa kang cilik dhéwé kang wis diucapaké minangka anasir sing bébas, mardika, ora kaiket déning anasir liyané. Sanajan wis adhapur ngrong wanda, -ipun, -ana, -ake durung bisa diarani sawijining tembung jalaran durung bisa diucapaké minangka anasir sing bébas. Panganggoné anasir-anasir iki mesthi diwuwuhaké marang anasir dhasar utawa linggané Ian banjur diarani anasir wuwuhan, upamané ing tembung bukunipun, seratipun, jupukana, cedhakana, nulisaké, nemokaké. Anasir kang diwuwuhaké ing saburiné anasir dhasar utawa linggané kaya mangkono iku diarani panambang.

Kajaba panambang, ana anasir wuwuhan kang diarani ater-ater, ya iku anasir wuwuhan kang mapané dumunung ing sangarepé anasir dhasar utawa lingga. Lumrahé, ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kaya ta dak-, kok-, di-, ka-, pa, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur ngrong wanda, kaya ta dipun-, kapi-, kami-, kuma-. Déné dipun- kang kalebu éwoning ater-ater ing basa Jawa iku mung adhapur nyawanda (sawanda), kaya ta dak-, kok-, di-, ka-, pa-, sa-, pra-, a-, pi-, nanging ana uga kang adhapur tembung krama kriya tanggap pratama purusa (verba pasif persona ketiga). Manut paugeran, panulising ater-ater iku kudu digandhèng, disambung, utawa diraketaké karo anasir dhasar utawa linggané. Kanthi mangkono, panulisé ater-ater dipun- kuwi sing bener kudu diraketaké karo suwun, dadi dipunsuwun. Conto panulisé tembung kang mawa ater-ater dipun tumrap ing ukara mangkene.

  1. Bu, buku kula dipunsuwun Dhik Sita.
  2. Pak, lampu ingkang dipunanggé sinau Dhik Sita boten saged dipungesangaken.
  3. Anggénipun nyerat dipunanggé punapa dipunpisah, Bu?

Ana panemu, yèn panulisé ater-ater dipun- iku diraketaké karo Iinggané bisa njalari klèru anggoné maca utawa nyurasa karo tembung kang mawa ater-ater di-. Upamane mangkene:

dipunji diwaca/disurasa : dipun/ji “disinau temenan”

utawa                                      : di/punji “dipanggul (tumrap bocal, lan sapanunggale)”

dipuntir diwaca/disurasa         : dipun/tir, “di cèt nganggo tir”

utawa                                      : di/puntir “diuntir”

dipunthuki diwaca/disurasa    : dipun/thuk/i “dianthuki, diathungi”

utawa                                      : di/punthuk/i digawé pepunthukan”

Satemené, wong bisa klèru anggoné maca (nyurasa) tembung-tembung kaya mangkono kuwi mung yèn tembung-tembung mau ditulis pisah saka ukarane. Ananging, yèn tembung-tembung mau ditulis ing sajroné ukara, mesthiné ora ana pakéwuhé. Wong ora bakai klèru anggoné maca utawa nyurasa jalaran tembung kang mawa ater-ater di- kuwi ngoko. Éwa semono, yèn bab iki isih disumeiangaké lan mung kanggo nggampangaké anggoné maca (nyurasa), panulisé tembung-tembung mau bisa (ora kudu) diwuwuhi tandha panggandhèng (-) ing antarané ater-ater lan linggané. Contoné mangkene:

  1. Kitab-kitab wau kedah dipun-ji déning para santri.
  2. Anaké dipunji ngalor ngidul.
  3. Supados langkung awèt, usukipun dipun-tir rumiyin!
  4. Tangané Ali dipuntir Amat.
  5. Cobi, kagunganipun sawung punika dipun-thuki sawung kula!
  6. Lemahé aja dipunthuki ngono kuwi!
  7. Sitinipun ampun dipun-punthuki mekaten punika![1]

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 19–21. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut