Tembung suwargi lan almarhum

Tembung suwargi lan swargi iku kanggo ngramakaké tembung suwarga utawa swarga. Tembung suwarga utawa swarga asalé saka basa Sangsekerta svàrga (svarga). Déné tegesé svàrga, ya iku "cahya", "sumorot", "taman", "papan kang sumorot", lan "taman firdaus". Ing basa Jawa, tembung suwarga utawa swarga banjur ditegesi "alam kanikmatan padunungané para sukma (kang padha utama rikala urip ing donya)". Kanthi mangkono, nyebut wong kang wis mati kanggo tembung suwargi utawa swargi kuwi mengku karep ngajèni utawa ngurmati wong kang wes mati mau lan nggadhang utawa ngajab becik yèn wong kang wis mati mau manggon ing swarga.

Swarga.

Déné tembung almarhum iku asalé saka basa Arab. Tembung iki kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong lanang, déné yèn sing mati mau wong wadon anggoné nyebut nganggo tembung almarhumah. Panggonané tembung iki uga mengku karep ngurmati lan pangajab becik marang wong kang wis mati mau salaras karo teges utawa maknané tembung almarhum utawa almarhumah. Teges utawa maknané tembung almarhum (almarhumah) ya iku "kang rinahmatan" utawa "kang olèh sing kawelasan" (kang olèh sih kawelasan saka Ngarsa Dalem Pangéran Ingkang Maha Kuwasa.

Tembung liyanéBesut

Kajaba tembung-tembung mau, ana manèh tembung kang uga sok dianggo nyebut wong kang wis mati, ya iku tembung sregi lan jenat. Tembung sregi iku minangka tembung enggon-enggonan (dhialèk). Tembung iki asalé saka ingsedaning pakecapan tembung suwargi utawa swargi. Déné tembung jenat, asalé saka basa Arab jannatun kang tegesé "swarga". Ananging, panganggoné tembung jenat iku lumrahé kanggo nyebut wong kang wis mati tumrap wong biasa (lumrah) kang ora perlu diurmati banget, upamané jenaté si Dhadhap, jenaté si Suta, lan sapituruté.

Uga delengenBesut

KapustakanBesut

  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. pp. 65–66. ISBN 978-979-2100-51-8.
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. p. 187. ISBN 978-979-6729-91-3.
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. p. 53.
  • Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 50–51. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut