Tembung mriki lan ngriki

Tembung mriki lan ngriki iku kalebu éwoning tembung krama. Panganggoné tembung loro iki, luwih-luwih tumrap bocah-bocah utawa para mudha, asring cawuh utawa tumpang suh. Contoné mangkéné:

  1. Sowan kula ing mriki punika, sapisan …
  2. Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing mriki saha sumela atur.
  3. Sampun dangu piyambakipun boten ngriki.
  4. Piyambakipun menawi ngriki temtu wanci sonten.

PanganggoBesut

Lumrahé, tembung mriki iku kanggo ngramakaké tembung mréné lan tembung ngriki kanggo ngramakaké tembung (ing) kéné. Kanthi mangkono, panganggoné tembung mriki ing ukara (1) lan (2) sarta ngriki ing ukara (3) lan (4) ora laras. Jalaran, ukara-ukara mau yèn dingokokaké manut tembung-tembungé kang dianggo dadiné mangkéné:

  1. Sowanku (tekaku) ing mréné iki, sapisan
  2. Lilakna aku ngadeg sawatara ing mréné lan nyela atur.
  3. Wis suwé dhèwèké ora (ing) kéné.
  4. Dhèwèké yèn (ing) kéné mesthi wayah soré.

Amrih laras karo ukarané, tembung mriki ing ukara (1) disalini nganggo tembung ngriki, utawa tembung mriki tetep dianggo kanthi ngilangi tembung ancer-ancer ing kang ana ing sangarepé. Samono uga tembung mriki kang kapacak ing ukara (2) kudu disalini tembung ngriki lan tembung ngriki ing ukara (3) lan (4) prayogané disalini tembung mriki. Kanthi mangkono, ukara-ukara mau wujudé banjur dadi mangkéné:

(1a) Sowan kula ing ngriki punika, sapisan

(1b) Sowan kula ing mriki punika, sapisan

(2) Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing ngriki saha sumela atur.

(3) Sampun dangu piyambakipun boten mriki.

(4) Piyambakipun menawi mriki temtu wanci sonten.[1]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 84–85. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut