Tembung krama
Tembung krama iku tembung Jawa kang mung kaanggo ing basa krama. Duk nguni, tembung krama bisa kaanggo ing basa ngoko, mligi ing basa ngoko basa-antya, lan kaanggo ing basa madya, mligi basa madya krama lan basa madyantara.
Dhasaring tembung krama iku tembung ngoko; kabèh tembung krama mesthi ana tembung ngokoné. Ing ndhuwur tembung krama ana tembung krama inggil, nanging ora saben tembung krama ana padhan krama inggilé. Tembung krama kang kawancah aran tembung madya, kang kalebu tembung ora baku. Tembung ngoko kang ora ana padhan ing tembung krama aran tembung krama-ngoko.[1]
Tembung krama sok salah dikira tembung madya, kaya kang kapacak ing buku Pepak Basa Jawa kang padatané kaanggo ing papan-papan pamulangan. Aliya saka iku, tembung krama uga sok dikira padha baé karo tembung krama inggil. Mula, ing sawatara tlatah lumrah tinemu wong kang nganggo tembung krama inggil tumrap utama purusa, kamangka kuduné tumrap madyama purusa lan pramata purusa.
Ing bausastra-bausastra Jawa, tembung krama tinengeran k utawa K.
Conto
besutIng sor iki conto tembung krama (kandel) lan padhané ing tembung ngoko kang ora ana padhané ing tembung krama inggil.
Ngoko | Krama |
---|---|
abang | abrit |
sapi | lembu |
lemah | siti |
banyu | toya |
wayah | wanci |
Ing sor iki conto tembung krama (kandel) lan padhané ing tembung ngoko kang ana padhané ing tembung krama inggil.
Ngoko | Krama | Krama inggil |
---|---|---|
arep | ajeng | karsa |
jaran | kapal | titihan |
mangan | nedha | dhahar |
omah | griya | dalem |
turu | tilem | saré |
Cathetan sikil
besut- ↑ Suwadji 2013, kc. 3–8.
Rujukan
besut- Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) (édhisi ka-2). Sleman: Penerbit PT Kanisius. 2011. ISBN 9789792128581.
- Suwadji (2013). Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963.