Tembung sesulih

Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), iku tembung sing kanggo sesulih utawa pengganti siji wujud (benda), supaya ora disebutaké bola-bali.

Déné tembung sesulih ing basa Jawa iki bisa dipérang dadi:

  • Tembung sesulih tunggal sing mratélakaké wong (kata ganti orang)
    • Utama purusa (kata ganti orang pertama): aku, awakku, kene, riki, kula, kawula, adalem, abdi dalem, ingsun, ingong, ingwang, réang, ulun, manira
    • madya purusa (kata ganti orang kedua): kowé, awakmu, kono, sira, sliramu, slirané, samang, sampéyan, riku, panjenengan, andika, jengandika, dika, rika, karah, nandalem, paduka, panjenengan dalem, sampéyan dalem, pakenira
    • pratama purusa (kata ganti orang katiga): dhèwèké, dhèknéné, dhèkné, kana, karah, panjenengané, panjenenganipun, piyambaké, piyambakipun, rika
  • Tembung sesulih jamak sing mratélakaké wong (kata ganti orang): kita, aku kabèh, kula sadaya, kowé kabèh, sira kabèh, lsp lan riki, riku, rika, kéné, kono, kana
  • tembung sesulih pandarbé (kata ganti milik):panambang ku ing 'omahku'
  • Tembung sesulih panuduh sing mratélakaké dumununging barang (kata ganti tunjuk)
  • Tembung sesulih sing dadi tembung panggandhèng (kata ganti hubung)
  • Tembung sesulih pitakèn (kata ganti tanya)
  • Tembung sesulih sadhéngah: Tembung sesulih barang sing ora genah (kata ganti tak tentu)