Tembung madya

tembung Jawa

Tembung madya (saiki kaaran tembung krama madya) iku tembung Jawa kang kaanggo ing basa madya. Mungguh surasa saiki, tembung madya mligi tembung krama kang kawancah (ora wutuh), mula banjur diarani tembung krama madya. Bebarengan tembung krama désa lan tembung krama enggon-enggonan, tembung madya dhapur tembung krama kang ora baku, kosokbalèning tembung krama kang ingaran baku.[1] Duk nguni, tembung madya ora winates tembung krama kang kawancah. Tembung madya uga ngemu tembung-tembung wutuh lan tembung-tembung ngoko.[2]

Ora kaya tembung ngoko lan tembung krama, bausastra-bausastra Jawa padatané ora nengeri tembung madya. Mangkonoa, sawatara bausastra awèh tetenger md utawa MD tumrap tembung-tembung madya.

Conto

besut

Lawasan

besut

Mungguh surasa lawas, tembung-tembung iki kagolong tembung madya: ènten, onten, okèh, ajeng lunga, kula ajeng, ampun, empun, engga, enggih, nika, niki, niku, napa, napaa, nedha nrima, negalé, galé, negalo, galo, negilé, gilé, negilo, gilo, negulo, gulo, ninga, rupiné, kéntun, kéndhut, kriyin, klèntu, kepripun, keng sarira, dika, daweg, deg, turèné, tosé, tasih, tesih, teng, sanèn, senunggal, senunggil, sedanten, siyin, siyèn, sengiyèn, semènten, semonten, samang, mang, wikana, la, mekèten, mekoten, melih, kémawon, mengké, mengkèten, lan mengkoten.[2]

Tembung krama kang padatan kaanggo ing basa madya ana: ajeng, kula, dèrèng, dédé, sinten, saprika, sapriki, sapriku, sampéyan wau, pundi, pinten, mrika, mriki, mriku, malih, boten, ngrika, ngriki, ngriku.[2]

Mungguh tembung ngoko ana: kur, gur, mung, kang, sing, lan dhing. Lumrahé, tembung ngoko ing basa madya dhapur wancahan kang mung sawanda.[2]

Anyaran

besut

Mungguh surasa saiki, conto tembung madya sinartan tembung bakuné ing tandha kurung ana: onten (wonten), ampun (sampun), teng (dhateng), engga (mangga), napa (punapa), kémawon (kémawon), njing (bénjing), jengen (kajengipun), seking (saking), ngéten (makaten), nggih (inggih), niki (punika; ngoko: iki), niku (punika; ngoko: iku), tasih (taksih), ajeng (badhé), kalih (kaliyan), samang (sampéyan), seg (saweg), lan turé (cariyosipun; ngoko: jaré).[1]

Cathetan sikil

besut
  1. a b Suwadji 2013, kc. 7–8.
  2. a b c d "Antya basa lan basa antya". Sasadara. 1903-08-09.

Rujukan

besut