Santo Dunstan (909-988) punika satunggiling rahib Benediktin lan ugi satunggiling pambaharu kagesangan gréjawi ing Inggris.[1][2] Panjenenganipun miyos ing Baltonsborough, caket Glastonbury, ing satunggiling kulawarga bangsawan.[2] Dunstan nempuh pendhidhikan ing Glastonbury lajeng nyambut damel ing papréntahan Raja Athelstan.[2] Nalika taun 935, panjenenganipun dipunpecat saking pedamelanipun déning raja.[2] Sasampunipun puniku, panjenenganipun mlebet biara lan dipuntahbisaken dados imam.[2] Salajengipun Dunstan kundur malih dhumateng Glastonbury kanggé nglampahi gesang minangka pamertapa lan ugi latihan kagunan lukis, nyulam, lan patukangan.[2] Nalika taun 939, Edmund dados raja lan nimbali Dunstan malih dhumateng pedamelanipun ing papréntahan.[1][2] Sasampunipun puniku, Dunstan dipunangkat dados kepala biara Glastonbury lan ing wekdal-wekdal salajengipun panjenenganipun nlampahaken pambaruan kanggé biara lan gréja ing Inggris miturut peraturan Santo Benediktus.[1][2] Pambaruan ingkang dipunlampahaken Dunstan dipunmilai wiwit taun 940 dumugi 1539.[2]

Dunstan
Biskop Agung Canterbury
ProvinsiCanterbury
KeuskupanKeuskupan Canterbury
SinggasanaBiskop Agung Canterbury
Dilantikboten dipunkawruhi
Term ended988
SadurungéByrhthelm
DiterusakéÆthelgar
Ordo
Penahbisan959
Detil pribadhi
Jeneng lairDunstan
Lairtaun 909 utawi sakedhik langkung awal
Baltonsborough
Pati19 Mèi 988, yuswa watawis 79 taun
Canterbury
Katedral Canterbury
Sainthood
Hari raya19 Mèi
Dimuliake ingGréja Ortodoks Wétan, Gréja Katulik Roma, Komuni Anglikan
Atributpriyantun nyipeng sapasang panjepit tukang wesi, kanthi peksi dara mlayang caket panjenenganipun, kanthi wadyabala malaékat ing sangajengipun
Pelindungpandhé wesi; Charlottetown, Kanada; tukang emas; tukang kunci; musisi; pandhé pérak
BiaraKatedral Canterbury (nanging ugi dipunklaim déning Glastonbury Abbey), kekalihipun risak

Réferènsi

besut
  1. a b c A. Heuken. 1985. Ensiklopedi Orang Kudus. Jakarta: Yayasan Cipta Loka Caraka. Hal. 98.
  2. a b c d e f g h i David Farmer. 1997. The Oxford Dictionary of Saints . New York: Oxford University Press. P. 142.