Emanuel Suharjendra utawa luwih dikenal E. Suharjendra iku sawijining sastrawan Jawa. Dhèwèkè lair ing Ngayogyakarta, 28 Dhésèmber 1939, lan manggon ing Jogonalan Lor 151, Yogyakarta 55181. Bapaké jenenge B. Widji Notoharsono, kelairan Bantul, 10 Maret 1919. Ingkang Ibu jenengé M. Jumilah, kelairan Bantul, 1 Januari 1923. É. Suharjéndra nikah karo E. Isbaryati ing tanggal 27 Juni 1970. Nanging sisihané sing wis ndhampingi 19 taun lawasé kuwi tutup umur ing taun 1989. Ing taun 1990 E. Suharjendra nikah maneh karo M.E. Sri Suparmi.[1]

Pawiyatan

besut

Suharjendra ngawiti pawiyatan (pendhidhikan) ing SD Jarakan, Bantul nganti purna taun 1953. Banjur dhèwèké nglanjutaké ing SLTPN II Yogyakarta nganti purna taun 1956, banjur ing Sekolah Guru Atas (SGA) Negeri Yogyakarta nganti purna taun 1959, sawise SGA, dhèwèké dadi guru ing Wates, Bantul, Yogyakarta. Suwéné ngajar ing SD dhèwèké nyambi kuliah program D3 ing IKIP Yogyakarta, lan purna taun 1965. Setaun sabanjuré, dhèwèké purna dadi sarjana mudha jurusan publisistik ing Universitas Pajajaran Bandung taun 1966.

Karya

besut

Saliyané dadi guru, Suharjendra uga tau dadi wartawan lan juru besut ing Surat Kabar taun 1966-1975. Taun 1975 dhèwèké dipitaya dadi pimpinan redhaksi majalah Praba. Lan uga dadi èdhitor buku Panggugah (10 judhul “Bunga Rampai Wacan Bocah”) terbitan Dinas Pendhidhikan lan pengajaran ing tahun 2000. Pengalaman organisasi liyané yaiku; Sekretaris OPSJ (1966-1980), Sekretaris II Javanologi, Gambir Sawit (1984), Ketua Yayasan Notokarsono (Yasna) (1995) lan Ketua 1 Yayasan Yasna (1997).

Ing karyané dhèwèké asring nggunakaké sesinglon, antarané: Dhik Hardje ing karangan kang kapacak ing majalah Cendrawasih, lan E. Widji Putra, utawa Emmanuel ing karyané sing di kapacak Kedhaulatan Rakyat lan majalah Praba. Ing artikelé sing agamis (Katholik), dhèwèké nggunakaké jeneng E. Widjiputra utawa Emmanuel Sj.

Suharjendra tekun ing babagan tulis tinulis ing taun 1975. Karya fiksi sing kapisan arupa crita anak kanthi irah-irahan “Katalompen” kang kapacak ing majalah Cendrawasih (1957). Wiwit kuwi dhèwèké akèh ngirimake karyane (Cerkak, Cerbung, Roman Sejarah, lan artikel) ing manéka wena mèdhia, kaya ta; Praba, Jaya Baya, Panjebar Semangat, Mekar Sari, Kedhaulatan Rakyat, lan Bèrnas. Karyané cukup akèh, nanging dhèwèké nganti saiki durung nginventarisaké, Judul uga penerbité. Pahargyan sing tau ditampa yaiku: Juwara II Lomba ngarang Ésai Berbahasa Indhonèsia kanggo guru SD se-DIY (1974). Salah siji Cerkaké irah-irahan “Ngrahabi” kalebu ing buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhi (Ras, 1985). Cerkaké kanthi irah-irahan “Paguron Telu” tau dadi bahan lomba sandhiwara dhaèrah kanggo guru-guru SD se-DIY (1982).

Karya roman Suharjéndra kang kapacak ing Mekar Sari antarané “Salatiga”(Mekarsari, 15 Maret 1961), Macan kang Mangsa Gogoré Dhéwé”(Mekar sari, 15 Maret, 1964), “Gandrung Brana Nuswantara”(Mekar sari, 1 Maret, 1965), “Baron Sekeber Nemu Tandhing”(Mekar Sari, 10, Maret, 1965), “Asmara ing Randhualas”(Mekar Sari, 20, Maret, 1965), “Sayembara ing Sagara Blèndèran”(Mekar Sari, 1, April, 1965), “Mburu Brana Kèlangan Nyawa”(Mekar Sari, 10, April, 1965). Sawetara Cerbung karyané yaiku antarané: “Kali Praga Isih Mili”(Praba, 1979), “Kang Padha Tinimbalan”(1979), lan “Kembang Sepasang”(Asco, 1990).  

Rujukan

besut
  1. Suwondo, Tirto; Widati, Sri (2006). ANTOLOGI BIOGRAFI PENGARANG SASTRA JAWA MODERN. Yogyakarta: ADI WACANA. ISBN 979-99604-8-7.