Éjaan Sriwedari

(Kaelih saka Ejaan Sriwedari)

Ejaan Sriwedari iki kawitané diwetokaké déning Radyapustaka, Sala udakara ing taun 1920-an. Kawitané minangka asil sarasèhan kang dieloni déning utusan Karaton Kasunanan Surakarta, Kasultanan Yogyakarta, Pura Mangkunagaran, Pura Pakualaman sarta sawenèh pujangga lan nimpuna kasusastran Jawa. Putusan sarasèhan mau kang wujud éjaan Sriwedari, yakuwi pasarujukan tata cara panulisan aksara Jawa. Saka kéné, putusan iki banjur diresmèkaké dadi Kaputusan Pamaréntah tanggal 29 Dhésèmber taun 1922, lan ditrepaké ing saindenging Nuswantara.

Ejaan Sriwedari nganut paugeran kaya mangkéné;

Vokal e aksara e-taling lan e-pepet dibedaake.

  • e-taling, kaya ing tembung: kere, sate, pete, tinulis nganggo tanda layar manengen (/) ing sandhuwure aksara e mau, saéngga, tembung-tembung ing dhuwur tinulis: kéré, peté, saté
  • e-taling, kaya ing tembung: golek, menek, akeh, tinulis nganggo layar mangiwa (\) ing sandhuwure aksara e mau, saéngga tembung-tembung ing dhuwur tinulis: golèk, mènèk, akèh
  • e-pepet, kaya ing tembung: lemah, merem, ayem, tinulis nganggo tanda caping kuwalik (ě) ing sandhuwure aksara e mau, saéngga, tembung-tembung ing dhuwur tinulis: lěmah, měrěm, ayěm