Èlegi
Èlegi inggih punika antyabasa jamak ing kasusastran ingkang ngemu teges cakepan ingkang ngandhut tangisan lan béla sungkawa awit sampun kicalan tiyang kinasih. Nanging tembung punika mboten mligi kanggé prakawis raja pati. Pangginaan tembung "èlegi" salebetipun cakepan utawi lagu ugi saget nggambaraken raos kicalan, prakawis punapa kemawon. Kados ingkang saget dipunpirsani wonten salah satunggalipun lagu anggitanipun Ebiet G. Ade sesirah Elegi Esok Pagi. Amargi nerangaken tetangisan lan kanelangsan, èlegi ugi mlebet minangka salah satunggalipun golongan geguritan modhèren; inggih punika geguritan èlegi. Geguritan punika saget ngemu teges minangka geguritan énggal ingkang ngandhut kaprihatinan, kanelangsan, lan kasengsaran. Obyèk ingkang dipuntrangaken salebetipun geguritan èlegi adatipun sedaya lelampahan pait ingkang naté dipunlampahi, utawi saget ugi awujud raos getun awit saking samukawis ingkang naté dumados. Kajawi punika, èlegi ugi saget kaginaaken minangka mbombong-mbongi tiyang sanès ingkang saweg nandang kasengsaran. Geguritan èlegi punika sajatosipun sampun lair awit jaman kasusastran Yunani lan Romawi. Rikala samanten, sedaya geguritan ingkang suraosipun ngandhut prakawis katresnan, payudan, lan raja pati dipunlebetaken wonten geguritan èlegi. Lajeng awit abad kaping-16, antyabasa geguritan èlegi dipuntrapaken kanggé geguritan tetangisan, kasengsaran, raja pati, lan lelayon.[1][2]
Ugi pirsani
besutRujukan
besut- ↑ KBBI: Elegi, kapundhut 24 Mèi 2017
- ↑ Any Web: Definisi dan Penggunaan Kata “Elegi”, kapundhut 24 Mèi 2017
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |