Eutanasia
Eutanasia (Basa Yunani: ευθανασία -ευ, eu kang tegesé "apik", lan θάνατος, thanatos kang ateges kepatèn) yaiku praktik panjabutan panguripan manungsa utawa kéwan kanthi cara kang dianggep ora nuwuhaké rasa lara utawa nuwuhaké rasa lara kang minimal, lumrahé ditindakake kanthi cara mènèhi suntikan kang bisa gawé mati.
Aturan hukum ngenani prakara iki béda-béda ing saben nagara lan kerep owah manut pangowahan norma-norma budaya lan cawisan perawatan utawa tindakan medis. Ing sapérangan nagara, eutanasia dianggep legal, déné ing nagara-nagara liyané dianggep nglanggar hukum. Amarga sensitife isu iki, winatese lan prosedure kang ketat tansah ditrapake tanpa ndeleng status hukume.
Terminologi
besutEutanasia dideleng saka sudut cara tindakane
besutYèn dideleng saka cara tindakane, eutanasia bisa dibagi dadi telung kategori, yaiku eutanasia agresif, eutanasia non agresif, lan eutanasia pasif.
- Eutanasia agresif, uga sinebut eutanasia aktif, yaiku sawijining tindakan kanthi sengaja kang ditindakake déning dhokter utawa tenaga keséhatan liyané kanggo nyingkatake utawa mungkasi uriping pasien. Eutanasia agresif bisa ditindakake kanthi pawenehan sawijining senyawa kang bisa gawé mati, yaiku kanthi oral utawa suntikan. Salah sawijining conto senyawa kang bisa gawé mati yaiku tablet sianida.
- Eutanasia non agresif, kadang-kadang uga sinebut eutanasia otomatis (autoeuthanasia) digolongake minangka eutanasia négatif, yaiku kaanan sawijing pasien nolak kanthi tegas lan kanthi sadar nampa perawatan medis sanajan ngerti yèn panolakane bakal mungkasi uripé. Panolakan mau diajokake kanthi resmi kanthi gawé sawijining "codicil" (pernyataan tinulis tangan). Eutanasia non agresif intine yaiku sawijining praktik eutanasia pasif ingatase panjalukane pasien.
Cathetan sikil
besut- ↑ "Nitschke suicide machine confiscated". The Sydney Morning Herald. 2003-01-10.