Golden Rice ya iku kultivar (varietas) gabah trangenik saka rekayasa genetika kang berase ngendhut beta-karitena (pro-vitamin A) ing bayeyan endospermane.[1] Kandungan beta-karotena iki nyebaake wernane beras katon kuning-njambon [2] mula kultivane diarani ‘’Golden Rice” (‘’Beras Emas’’).[2] Ing tipe alasan (normal), endosperma gabah ora ngasilaké beta-karotena lan bakal duwé warna putih mula putihe rada coklat-coklat.[2] Ing jero awak manungsa, beta-karotena bakal diowah dadi vitamin A.[2] Kultivar gabah iki digawé kanggo ngatasi defisiensi utawa kekurangan vitamin A kang isih dhuwur prevalensine marang bocah-bocah, mligi ing tlatahAsia lan Afrika.[2] Sega dadi panganan pokok ing tlatah mau, lan kemlaratan ga kerep ndadekakae janganan utawawoh-wohan kang dadi sumbere vitamin A ing menu saben dinane.[1] Gabah emas dikembangake denng Ingo Potrykus saka ETH Zurich00 lan Peter Beyer saka Universitas Freiburg.[2] Kanggo ngrakit gabah mau, nggunakaké 2 gen asing kang dijupuk saka bakteri Erwinia uredovora (gen ctrl) lan saka narsis (‘’narcissus pseudonarcissus’’) (gen ‘’psi’’). Kultivar ‘Golden Rice 2’’ ngganti narsis nanggo jagung(Zea mays) minangka salah sawijining sumber gen.[3]

Jalur biosintesis beta-karoten sarta gen-gen kang mèlu ing prosès gawene. Mung likopena siklase (Lycopene cyclase) kang ora diintroduksi saka sumber asing.

Cathetan suku

besut
  1. a b M. Suudi. "Golden Rice: Dulu, Kini, dan Nanti", LIPI. Diakses pada 17 Mèi 2010.
  2. a b c d e f M Syam, "Informasi Ringkas Teknologi Padi: Padi Emas", IRRI Rice Knowledge Bank (bahan olèh Gerard Barry), Juni 2007. Diakses pada 17 Mèi 2010.
  3. Golden Rice Humanitarian Board. "Golden rice: Sustainable bbiofortification for the poor rular population", 23 Juni 2001. Diakses pada 17 Mèi 2010.