Gréja Färlöv

56°04′26″N 14°04′59″E / 56.073889°N 14.083056°E / 56.073889; 14.083056Koordhinat: 56°04′26″N 14°04′59″E / 56.073889°N 14.083056°E / 56.073889; 14.083056

Gréja Färlöv saka njaba.

Gréja Färlöv (basa Swèdhen: Färlövs kyrka) iku gréja Lutheran saka abad tengahan ing Färlöv ing provinsi Skåne, Swèdhen. Gréja kalebu ing Kabiskopan Lund.

Gréja sing saiki katon sadurungé didhisiki mawa gréja cagak kayu, sing dibangun ing abad kaping 11. Bagéan lawas dhéwé ing gréja gagrag Romanesque iki saka udakara 1180. Menara kembar, kubah lan papan kur mbentuk bagéan paling tuwa ing gréja. Miturut legèndha, rong menara iku dibangun déning bojoné satriya lokal. Crita iku yaiku manawa ksatria lunga menyang perang nalika bojoné lagi ngandhut, lan njaluk marang para punggawané kanggo mbangun menara gréja yèn dhèwèké nglairaké anak lanang. Nalika bali saka perang lan ndeleng rong menara, dhèwèké ngerti yen wis nglairaké anak kembar. [1] Kasunyatane, menara kembar dudu unsur sing ora dingertèni ing arsitèktur Romanesque, sanajan ora ditepungi saka gréja paroki liyane ing Skane. [2] Sanajan ora ditepungi sapa sing mbangun gréja lan genéya alesané, anané menara kembar saengga nuduhaké cita-cita sing dhuwur. [3] Saka olèhé nganggo akèhé granit apik lan kairis alus, para sarjana bisa nganggep manawa para buruh sing nggawé gréja iku uga asale saka Jutland, sing ana gréja-gréja granit sing padha. Sajroné abad kaping 15, plafon ing kur dipaèsi nganggo lukisan témbok. Sajroné mangsa Abad Tengahan kubah uga dilebokaké; nanging nalika gréja digedhèkaké marang sisih lor ing taun 1770, kubah iku digempur. Transept kidul ditambahaké udakara satus taun sabanjuré.

Arsitèktur

besut
 
Lukisan témbok abad tengahan ing papan kur

Kaya wis ditulis ing ndhuwur, gréja iki awujud menara kulon amba mawa menawa loro, sing luwi dhawa tinimbang kubah asli. Sangarepé gapura kidul-kulon ana portik Romanesque mawa pilar loro sing nyangga atep. Kanopi modèl kaya mangkéné iki ora ana sing padha ing arsitèktur Swèdhen liyané. Tilas témbok bata cedhaké apsis nuduhaké menawa katoné tau ana menara sing luwih cilik ing rong sisih apsis iki, pangaturan kaya mengkéné iki ditepungi saka gréja-gréja Romanesque Dhènemarken.

Gréja iki nduwé rong transept, kubah tengah lan papan kur mawa apsis. Sisih njaba gréja saiki kalabur putih. Ing jero, gréja ditandhani mawa rénovasi radhikal sing ditindakaké ing taun 1882 déning arsitèk Helgo Zettervall mawa gagrag Abad Tengahan. Iki dikuwataké manèh, sing padha karo rénovasi abad tengahan rong puluh taun sabanjuré. Ing papan kur, lukisan sing kasebut sadurungé iku sajati saka abad pertengahan, digawé ing abad kaping 15. Kabèh nggambaraké motif sing ora lumrah kanggo lukisan témbok gréja ing Swèdhen dina iki: adegan saka Pangadilan Pungkasan kayadéné ditapsiraké ing Legèndha Emas.[3]

Antarané prabotan gréja, bak baptis iku sing tuwa dhéwé. Digawé saka granit, gagragé kontemporèr karo gréja lan padha karo bak baptis liyané ing Jutland. [3] Bak baptis iku uga dipaèsi singa singa watu, mawa gagrag Romanesque . Saka wektu ing tembé nanging uga isih abad tengahan yaiku patung kayu sing dicèt nggambarake Santo Petrus . Olèhé nggawé ing pungkasan abad kaping 15 lan digawé ing Jerman sisih lor. [4] Banjur altar, digawé saka kayu eik, saka abad kaping 17. Gréja uga ngandhut rong ukiran tamèng kayu pèngetan sing diarani épitaf, saka abad kaping 17 lan 18.

Gladri

besut

Réferènsi

besut
  1. "Färlöv kyrka" . Gréja Swèdhen. Diarsip saka sing asli ing 8 April 2015. Dibukak ing 8 April 2015.
  2. Jacobsson, Britta; Johansson, Eva; Johansson, Per; Andersson, Rolf (1990). Våra kyrkor . Västervik: Klarkullens förlag AB. kc. 459. ISBN 91-971561-08.
  3. a b c Bonnier, Ann Catherine; Hägg, Göran; Sjöström, Ingrid (2008). Svenska kyrkor. En historisk reseguide . Medströms bokförlag. kc. 35–37. ISBN 978-91-7329-015-9.
  4. "Färlöv kyrka" . Gréja Swèdhen. Diarsip saka sing asli ing 8 April 2015. Dibukak ing 8 April 2015.

Pranala njaba

besut