Gréja Lutheran
Gréja-gréja Lutheran ya iku gréja-gréja kang dhedhasar piwulang Martin Luther, tokoh Réformasi gréja nalika abad kaping-16 kang ngritik piwulang lan praktik Gréja ana ing jaman semana.[1] Ajaran khas saka Martin Luther kang asring uga diakoni dadi ciri khas piwulang Réformasi disimpulaké ana ing telung sola, ya iku sola fide, sola gratia, lan sola scriptura, kang duwé teges "mung iman", "mung anugrah", lan "mung Kitab Suci".[1] Tegesé ya iku, Luther nyatakaké yèn kaslametan manungsa mung bisa amarga imané déning karya anugrah Allah kang ditindakaké amarga Yesus Kristus, kaya déné kang diseksèkaké déning Kitab Suci.[2]
Amarga prakara mau, banjur Luther nulak piwulang Gréja ana ing jaman semana kang njanjèkaké kaslametan nganggo pangadolan layang-layang pangapuraning dosa (indulgensia).[1] Luther nyatakaké yèn manungsa dislametaké dudu amarga amal utawa tindak-tanduké kang apik, nanging amarga saka anugrah saka Allah.[2] Lutheran nyatakaké iki dhedhasar omongané Paulus ana ing Layang Roma: "nanging Allah nuduhaké kasih-É marang manungsa, amarga Kristus wis mati kanggo manungsa, nalika manungsa isih duwé dosa kang akèh.[2]"
Gréja Lutheran ngakoni rong sakramèn: Pambaptisan lan Bujana Suci.[2] Katekismus Lutheran ngajaraké yèn pambaptisan ya iku karya Allah, dhedhasar omongan lan janji saka Kristus.[2] Gréja Lutheran percaya yèn roti lan anggur ana ing bujana suci pancèn bener awak lan getih saka Kristus kang dianugrahaké marang wong Kristiani kanggo dipangan lan diombé.[2]
Cathetan sikil
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |