Paulus saka Tarsus

Paulus saka Tarsus (awalé Saulus saka Tarsus) utawa Rasul Paulus, (3 Maséhi–67 Maséhi) diakoni minangka tokoh wigati sajeroning ngrumusaké ajaran Yesus. Paulus digambaraké sajeroning Prajanjian Anyar minangka Yahudi saka suku Benyamin, kang duwé kabudayan Yunani (helenis) lan warga Roma saka Tarsus (saiki Turki). Awalé panjenengané siji panganiaya wong Kristen (wektu iku jenengé Saulus), lan sawisé pengalamané ketemu Yesus ing dalan nuju kutha Damaskus, panjenengané malih dadi siji pendhèrèk Yesus Kristus (Kis. 9).

Ananias saka Damaskus mulihaké pandelengané Santo Paulus. Sawijining lukisan taun 1631 karya Pietro Cortona.

Paulus nyebut dhèknèné minangka "rasul kanggo bangsa-bangsa non-Yahudi" (Roma 11:13). Panjenengané gawé upaya kang ngéramaké liwat layang-layangé marang komunitas non-Yahudi kanggo nuduhaké yèn keslametan kang dilakoni déning Yesus Kristus iku kanggo kabèh wong, dudu mung wong Yahudi. Gagasan Paulus iki marakaké crah antarané dhèknèné karo murid-murid Yesus, mligi Petrus lan Yakobus, kang percaya yèn kanggo dadi pendhèrèk Yesus, wong-wong kang dudu Yahudi kudu pisanané dadi Yahudi luwih dhisik (deleng Gal. 2:11-14). Kanggo ngrampungaké konflik iki, dianakaké sidhang ing Yerusalem (Kis. 15), kang sinebut Sidhang Sinode utawa Konsili Gréja kang pisanan.

Alkitab ora nélakaké kepriyé lan kapan Paulus mati. Nanging miturut tradhisi Kristen, Paulus ditebas guluné ing Roma nalika mangsa papréntahan Nero watara patengahan 60-an ing Tre Fontane Abbey.

Nalika sasi Juni 2009, Paus Benediktus ngumumké asil pangedhukan kuburrané Paulus ing Basilika Santo Paulus ing Njaba Tembok. Sarkofagus iku dhéwé ora kabukak, nanging diuji kanthi upaya panylidhikan. Lan iku nuduhaké tugelan-tugelan menyan, kain ungu lan kain biru sarta fragmèn balung cilik. Balung iku mawa tanggal radiokarbon abad kaping-1 tekan kaping-2. Miturut Vatikan, iki katoné ngonfirmasi tradhisi kubur duwèkané Paulus.[1]

Réferènsi

besut

Pranala njaba

besut

Cithakan:Lelampahan Misi Paulus Cithakan:Tokoh Prajanjian Anyar