Garebeg Sawal ugi dipunsebat grebeg pasa utawi grebeg bakda. Dipunwastani grebeg sawal amargi upacara grebeg punika dipunadani ing wulan sawal. Ancas dipunwontenaken grebeg sawal punika inggih ingkang sapisan kanggé ngurmati wulan suci Ramelan. Bilih wonten ing wulan kasebat, umat Islam dipunwajibaken siyam sesasi natas. Ancas ingkang kaping kalih inggih kanggé ngurmati malem lailatul qadar utawi ingkang asring winastan maleman utawi selikuran.
[1] Karaton ngawontenaken maleman/selikuran minangka upacara karajan ingkang dipunadani saderengipun garebeg sawal/pasa. Pisowanan selikuran punika dipunadani saben tanggal 21 wulan Ramelan. Adicara punika dipunwiwiti nalika jumeneng nata Sri Sultan Hamengku Buwono I ingkang salajengipun dipundadosaken tradisi kaliyan sultan-sultan panerasipun. Nalika jumenengipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII (1921-1939) tata upacara punika dipundamel langkung gampil lan upacara maleman punika dipunicalaken kawontenanipun nalika jumenengipun Sri Sultan Hamengku Buwono IX.
Dumugi warsa 1941, wonten ing upacara grebeg pasa punika taksih dipunwontenaken ugi upacara pisowanan grebeg minangka adat karaton wonten ing Sitihinggil.[1] Lan, minangka salah satunggaling tradisi wonten ing grebeg pasa punika boten dipunwontenaken adicara tilik ing Masjid Gedhé Ngayogyakarta kaliyan sultan saha para abdinipun. Nanging minangka gantosipun, sultan ngawontenaken pasowanan ngabekten wonten ing Bangsal Kencono. Tradisi ngabekten punika dipunadani saben tanggal 1 Sawal lan nalika jumenengipun Sultan HB IX adicara punika dipuntindakaken kanthi ringkes. Sultan boten malih lenggah wonten ing singgasana emas (dhampar kencana) saha boten ngagem busana keprabon.[1]

References

besut
  1. a b c B. Soelarto. (1993). Garebeg di Kesultanan Yogyakarta. Yogyakarta: Penerbit Kanisius.