Selikuran
Ing kabudayan Jawa, Selikuran utawa Malem Selikuran iku adat kalumrahan donga bebarengan, wiyahé diadani para Muslim ing kukuban RT, RW, lan padhukuhan kanggo nyambut tekaning Lailatulkadar rikala wengi tanggal 21 wulan Pasa.[1] Ing wewengkon karaton, adat Selikuran lumrahé dadi karaméan. Karaton Kasunanan Surakarta salah siji karaton ing Jawa sing kondhang ajeg ngayahi kirab tumpeng kanggo ngramékaké Malem Selikuran.
Ana sawenèh panemu kapan mulabukané adat Selikuran. Kalumrahan iki ana sing matara wis ana nalika mangsa Sultan Agung madeg ratu. Panemu liya ngandharaké yèn adat Malem Selikuran lekas nalika Sunan Kalijaga minangka wali ing Tanah Jawa.[2]
Surakarta
besutIng Karaton Surakarta, bakuné adat Selikuran iku wetuning ratu lan arak-arakan prajurit saka karaton menyang Mejid Agung ngarepaké turuné Lailatulkadar. Ing Mejid Agung Karaton Surakarta, upacara donga marang Allah ginelar njaluk kawilujengan lan berkah tumrap wulan Pasa. Sabanjuré, tumpeng cacah sèwu didumaké marang abdi dalem lan kawula.[2][3]
Acara Selikuran mono wis lumaku kawit mangsané Pakubuwana IV[4], nanging tembé ngrembaka dadi acara gedhé nalika Pakubuwana X madeg ratu.[2] Kanggo tujuan ékonomi lan pariwisata, udakara taun 1927, adat Selikuran didadèkaké karaméan ing Kebon Raja (dicekak Bonraja, saiki Taman Sriwedari). Arak-arakan saka karaton sing rute kawitané menyang Mejid Agung dilih menyang Bonraja.[4] Kanggo nambah regengé, arak-arakan prajurit mawa ing uga diadani.[2] Jalaran arak-arakan mawa ing iki, kirab Selikuran ing Surakarta uga misuwur diarani Kirab Ting utawa Kirab Ting-Ting Hik.[3] Ing taun 2009, rute kirab dibalèkaké miturut bebakuné, ya iku saka karaton menyang Mejid Agung, awit kacumpiné béya acara.[4]
Adaté biyèn, sawisé Selikuran saben wengi ganjil ing sepuluh dina pungkasan wulan Pasa, wong Surakarta masang ing ing jaba omah. Nalika samana, Malem Selikuran dilanjutaké acara Maleman sing ginelar sawulan notog ing Bonraja. Karaméan Maleman kala samana asring disandhingaké karaméan Sekatènan ing alun-alun karaton awit raméné. Sawisé Indonésia mardika, Maleman ora tau digelar manèh.[4]
Pralambang
besutAdat Selikuran nuladhani kadadéan nalika Muhammad mudhun Gunung Nur sawisé éntuk wahyu Lailatulkadar. Mapag baliné, para sakabat teka nggawa obor. Arak-arakan ing iku nuladhani para sakabat sing nggawa obor lan minangka pralambang pepadhang. Saliyané iku, tumpeng sing cacah séwu minangka pralambang wulan cacah séwu sing dadi gambarané Lailatulkadar.[2]
Tegesing tembung-tembung
Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa sing dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Indonésia.
|
Rujukan
besut- Cathetan sikil
- ↑ Marsono & Hendrosaputro 1999, kc. 288.
- ↑ a b c d e Prakoso 2011, Malem Selikuran.
- ↑ a b Amri 2011, Tradisi Malam Selikuran.
- ↑ a b c d Rafiq 2015, Tradisi Unik.
- Bibliografi
- Amri, Arfi Bambani (21 Agustus 2011). "Tradisi Malam Selikuran di Karaton Surakarta". viva.co.id.
- Marsono; Hendrosaputro, Waridi, èd. (1999). "Selikuran". Ensiklopedi Kebudayaan Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa. ISBN 979-95061-1-5.
- Prakoso, Damar Sri (26 Agustus 2011). "Malem Selikuran, Tradhisi Budaya Kebak Pralambang". solopos.com.[pranala mati permanèn]
- Rafiq, Ahmad (11 Juli 2015). "Tradisi Unik di Surakarta Sambut Malam Lailatul Qadar". Tempo Ramadan.