Letjen Idriss Déby (miyos wonten ing Fada taun 1952 - 2021) inggih punika Présidhèn Chad lan pimpinan Gerakan Penyelamatan Patriotik. Déby asalsaking kelompok ètnis Zaghawa, mliginipun saking klan Bidyate. Piyambakipun nambahaken "Itno" wontenh ing nama kulawarganipun rikala Januari 2006.

Idriss Déby
Idriss Déby Itno
Présidhèn Chad
Linggih
2 Dhésèmber 1990 – 2021
MahamantriJean Alingué Bawoyeu
Joseph Yodoyman
Fidèle Moungar
Delwa Kassire Koumakoye
Koibla Djimasta
Nassour Guelendouksia Ouaido
Nagoum Yamassoum
Haroun Kabadi
Moussa Faki
Pascal Yoadimnadji
Adoum Younousmi
Delwa Kassiré Koumakoye
Youssouf Saleh Abbas
Kang sadurungéHissène Habré
Kang sawiséSedang Menjabat
Rerincèn dhiri
Lair1952
Fada, Bourkou-Ennedi-Tibesti region, Chad
Pati2021
BangsaChad
Parté pulitikMPS
SisihanHinda Déby
AgamaMuslim

Biografi

besut

Déby minangka putra saking penggembala. Sasampuning namataken sekolahipun, Déby nglajengaken dhateng Sekolah Perwira wonten ing N'Djamena. Saking mrika piyambakipun dipunkintun dhateng Perancis, saperlu ndhèrèk gladhèn,lajeng wangsul malih wonten nagaranipun taun 1976 kanthi ijazah juru anggegana profésional. Dumugi taun 1979, piyambakipun tetep setya dhateng militèr lan Présidhèn Félix Malloum. Nanging nalika taun punika pamaréntah pusat asor, Déby masrahaken nasibipun dhateng Hissène Habré, salah satunggaling jawara utama Chad.

Setunggal taun sasampuning Habré dados Présidhèn taun 1982, minangka ganjaran saking kasetyanipun, Déby dipunangkat minangka panglima tertinggi angkatan dharat. Piyambakipun dados nonjol nalika taun 1984 kasil ngasoraken kekiyatan pro Libya wonten ing Chad wétan.

Wonten ing taun 1985 Habré nyingkiraken piyambakipun saking jabatanlan ngirimDéby dhateng Paris saperlu sinau wonten ing École de Guerre. Nalika wangsul,piyambakipun dipunangklat minangka penasihat militèr utama kepresidenan. Taun 1987 piyambakipun ngadhepi wadyabala-wadyabala Libya wonten ing lapangan, kanthi migunakaken manéka taktik ingkang njalari kakisruhan saha asor ingkang ageng ing pihak mungsuh.

Taun 1989 kadadosan crah antawisipun Habré lan Déby babagan samsaya minggahipun kakuwasan Pasukan Pengawal Présidhèn. Habré nuduh Déby nyamektakaken kudeta. Bab punika njalari Déby mlajar dhateng Libya lajeng dhateng Sudan lan wonten ing mrika mbentuk sawijining Gerakan Penyelamatan Patriotik, sawijining kelompok pambrontak ingkang dipundukung déning Libya lan Sudan, lan wiwit nindakaken operasi nglawan Habré rikala Oktober 1989. Piyambakipun nyearang wonten ing tanggal 10 November 1990, lan tanggal 2 Dhésèmber wadyabala-wadyabala Déby mlebet ing kutha krajan, N'Djaména tanpa ngadhepi perlawanan.

Déby sampun ngadhepi pergolakan internal lan ketegangan kaliyan nagara tetangga Sudan wiwit awal 2006. Sawijining rencana kudeta ingkang kagayut penembakan tiba pesawat Déby, kaungkap ing wulan Maret. Ing sisih wétan nagara kadadosan paprangan kaliyan para pambrontak, ingkang ndésak dhateng kilèn nuju kutha krajan, lan sawatawis dumugi ing jarak udakawis 160 km saking N'Djaména [1]

Wonten ing pertengahan April, kadadosan Paprangan ing N'Djaména, déné boten dangu, paprangan saged lerem kanthi wadyabala-wadyabala pamaréntah taksih tetp nguwaosi kutha krajan.[2] Déby lajeng mutusaken gayutan kaliyan Sudan. Piyambakipun nuduh nagara punika njurung kaum pambrontak, lan ngendika bilih pemilu Mèi taksih bakal kalampahaken.[3]

Cathetan suku

besut
  1. http://www.irinnews.org/report.asp?ReportID=52355&SelectRegion=West_Africa
  2. http://news.bbc.co.uk/2/hi/africa/4905388.stm
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2015-05-06. Dibukak ing 2013-03-05.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)


Kang sadurungé
Hissène Habré
Présidhèn Chad
2 Dhésèmber 1990
Kang sawisé
Masih Menjabat



Cithakan:Pulitikus-stub