Angsang

(Kaelih saka Insang)

Angsang inggih punika piranti ambegan ulam (iwak) (Pisces).[1] Kajawi kanggé piranti ambegan, angsang ugi gadhah mupangat kanggé piranti ekskresi sarem, nyaring panganan, piranti ijol ion, kaliyan osmoregulator.[1] Sawetawis jinis ulam gadhah labirin ingkang saged miyaraken angsang manginggil kaliyan mbentuk lempitan-lempitan, saéngga gronggonganipun boten tumata.[1] Labirin punika kaginanipun nyimpen sèrepan oksigèn, saéngga ulam tahan ing kaanan ingkang kirang oksigèn.[1] Ulam ingkang balungipun sajati (Osteichthyes), angsangipun dijangkepi tutup angsang ingkang dipunwastani operkulum.[2] Déné ulam ingkang balungipun rawan (Chondrichthyes), angsangipun boten gadhah tutup angsang.[2]

Angsang
Angsang Iwak Tuna
Pengenal
MeSHD005880
Terminologi anatomi

Pérangan angsang

besut

Wujud angsang punika awujud lembaran-lambaran tipis warninipun abrit enèm kaliyan kahananipun mesthi anyep.[1] Pérangan paling jawi saking angsang gegayutan sanget kaliyan toya, déné pérangan paling lebet gegayutan kaliyan kapilèr-kapilèr getih.[1] Saben lembaran kawangun saking sapasang filamèn, saben filamèn ngandhut kathah lapisan tipis ingkang dipunwastani lamela.[1] Ing Filamèn wonten pambuluh getih ingkang gadhah kathah kapilèr, saéngga saged kadadosan dhifusi oksigèn ingkang mlebet kaliyan karbon dioksida ingkang medal saking badan ulam.[1]

Angsang ulam balung sajati

besut

Salah satunggaling tuladhanipun ulam ingkang gadhah balung sajati inggih punika iwak mas.[2] Angsang ulam mas kasimpen ing salebeting gronggongan angsang ingkang dipunayomi déning tutup angsang (operkulum).[2] Angsang kawangin saking lengkung angsang ingkang kasusun saking balung rawan awerna pethak, rigi-rigi angsang ingkang migunani kanggé nyaring toya ambegan lumantar angsang, ugi filamèn utawi lembaran angsang.[2] Filamèn angsang punika kasusun saking jaringan empuk, wangunipun kados jungkat lan warninipun abrit enèm amargi gadhah kathah kapilèr getih kaliyan minangka pang saking arteri angsang.[2] Ing panggènan punika kadadosan ijolan gas oksigèn kaliyan karbondioksida.[2] Oksigèn dipunpendhet saking gas oksigèn ingkang larut ing toya lumantar angsang kanthi cara difusi.[2] Saking angsang, oksigèn dibeta getih lumantar pambuluh getih tumuju sadaya jaringan badan.[2] Saking jaringan badan, karbondioksida diangkud getih menyang jantung.[2] Saking jantung tumuju angsang kanggé nindakaken ijolan gas.[2] Prosès punika kadadosan terus bolan-balèn.[2] Mekanisme ambegan ulam dipuntindakaken lumantar mékanisme inspirasi kaliyan ekspirasi.[2] Ing fase inspirasi, oksigèn kaliyan toya mlebet ing angsang banjur oksigèn dipuntalèni déning kapiler getih kanggé dibeta tumuju jaringan-jaringan ingkang mbetahaken.[2] Kosok wangsulipun ing fase ekspirasi, karbondioksida ingkang dibeta déning getih saking jaringan badhé wangsul malih ing angsang. Saking angsang dipunwedalaken saking badan lumantar operkulum.[2]

Angsang ulam balung rawan

besut

Angsang ulam ingkang balungipun rawan boten gadhah tutup angsang (operkulum), kados ta iwak cucut.[2] Mlabet kaliyan medalipun hawa saking gronggongan tutug, amargi wonten éwah-éwahan tekanan ing gronggongan tutug ingkang dipuntuwuhaken déning éwah-éwahan volume gronggongan tutug ingkang dipunjalari wontenipun obah minggah mandhapipun gronggongan.[2] Manawi dhasa tutug éwah mandhap, volume gronggongan nambah saéngga tekanan gronggongan langkung alit tinimbang tekanan toya ing sakupengipun.[2] Toya mili tumuju gronggongan tutug lumantar celah tutug ingkang ing pungkasanipun kadadosan prosès inspirasi.[2] Manawi dhasar tutug minggah, volume gronggongan tutug alit, tekananipun minggah, celah tutug nutup, saéngga toya mili tumuju njawi lumantar celah angsang kaliyan kadadosan prosès ekspirasi karbondioksida.[2] Ing wekdal punika kadadosan ijolan gas oksigèn kaliyan karbon dioksida.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h Alat Pernafasan Hewan Archived 2012-11-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 28 Oktober 2012)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Sistem Pernafasan Ikan Archived 2014-04-19 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 28 Oktober 2012)