Aksara Latin
     
Cupang
Betta albimarginata
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Osphronemidae
Génus: Osphronemus
Bleeker, 1850
Spésies: Betta Sp.
Nama binomial

B. persephone
B. picta - Cupang bintik
B. pugnax - Cupang penang
B. splendens - Cupang petarung

Iwak cupang kalebu sawijining iwak kang asalé asli saka Asia Kidul-Wétan.[1] Iwak jinis iki duwé variasi sirip, sisik, wujud lan warna kang éndah lan akèh macemé.[1] Ana ing sapérangan laladan, iwak kang kalebu agrésif lan seneng maméraké sirip lan buntuté iki kerep uga diarani iwak aduan.[2] Nanging sanadyan iwak iki diarani iwak aduan sejatine kang diadu mung iwak saka jinis lanang baé.[2]

Miturut sapérangan literatur, jeneng cupang sajatiné mung kanggo ngarani iwak saka marga Trichopsis kaya déné Trichopsis vittatus (cupang abang), Trichopsis pumillus (cupang biru) lan Trichopsis scalleri (cupang ijo).[3] Wiwitané ya iwak sawah iki kang déning para bebrayan umum diarani iwak cupang, nanging awit taun 1960-an cupang saka marga Trichopsis mau banjur kalah pamor ketimbang cupang saka marga Betta.[3]

Jinising

besut

Jinis cupang kang dikenal saiki ya iku:[4][5]

Iwak cupang ana ing ndhuwur dikenal karo mouth breeder ya iku iwak cupang kang ngangeremi endhogé ana ing jero cangkem.[4] Ana ing ngisor iki ya iku jinis iwak cupang betta, kang gawé omahé nganggo busa (bublle nest).[4][5]

Jinis ikan cupang liya kang dikenal ya iku[4][5]:

Cupang hias dibagi dadi:

  • Halfmoon (setengah wulan), cupang jinis iki duwé sirip lan buntut amba lan simetris kaya wujud wulan setengah. Jinis cupang iki pisanan dibudidaya ana ing Amérika Sarikat déning Peter Goettner taun 1982.[6]
  • Crowntail (buntut makutha) utawa serit, cupang jinis iki pisanan dibudidayaké déning peternak cupang saka laladan Jakarta kulon, ya iku ana ing laladan slipi taun 1968[butuh sitiran] Ciri utamaé ya iku sirip lan buntut kang kaya sisir.[6]
  • Double tail (buntut dobel).[6]
  • Plakat Halfmoon.[6]
  • giant (cupang raksasa), cupang jinis iki mkasil saka perkawinan silang antarané cupang biyasa karo cupang alam, cupang jinis iki ukurané bisa nganti 12 cm.[6]

Gladri

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b Joty Atmadjaja & Maloedyn Sitanggang. Panduan Lengkap Budi Daya & Perawatan Cupang Hias. Jakarta:AgroMedia (ISBN 9790061552;kaca 1)
  2. a b Sunari. Budi Daya Cupang. Jakarta:Ganeca Exact(ISBN 795714619;kaca 2)
  3. a b Redaksi PS. 2009. Cupang, Panduan Lengkap Memelihara Cupang Hias dan Cupang Adu. Jakarta: Penebar Swadaya. (ISBN 9790023502;kaca 7)
  4. a b c d "Kerabat cupang". Diarsip saka sing asli ing 2010-10-08. Dibukak ing 2011-05-29.
  5. a b c www.itis.gov
  6. a b c d e www.blogiztic.com