Jemparingan inggih menika salah satunggaling kagiyatan tradisional ingkang dipuntindakaken wonten ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kaliyan Kadipatèn Pakualaman.[1] Wonten ing basa Indonésia jemparingan inggih menika olahraga panahan tradisional gaya Mataram. Tembung jemparing gadhah artos panah. Saéngga, tembung jemparingan trep kaliyan tembung panahan.

Pinten-pinten tiyang kagungan panggalihan menawi jemparingan kaliyan manah menika sami. Wonten ing basa Jawa, manah menika gadhah artos ati utawi pamikiran. Artos menika trep kaliyan jemparingan, amargi jemparingan menika salah sawijining olahraga ingkang kedhah ngagem panggalihan kaliyan raos wonten ing manah. Saéngga, penjemparing menika saged fokus kagem nembak targèt (bandhul).

Sajarah besut

Sajarah jemparingan dipunwiwiti saking sajarah panahan. Panahan menika ugi dèrèng dipunmangertosi mula-bukanipun, ananging para ahli menika kagungan pétangan kinten-kinten panahan menika dipunwiwiti.[2] Panah menika senjata ingkang sampun diagem kaliyan manungsa kinten-kinten 50.000 taun kepengker. Pétangan menika saking senjata ingkang saged dipunpanggihi. Sasanésipun wonten gambar utawi lukisan wonten ing guwa-guwa ingkang dipunpétang umuripun sampun 500.000 taun kepengker. Lukisan kaliyan senjata menika nedahaken menawi manungsa wonten ing jaman purba ngagem panahan dados sarana kagem mbebujeng kewan wonten ing wana, bela dhiri dhateng kewan liyar, kaliyan dipunagem kangge perang. Gendhéwa (busur) ingkang umuripun langkung tuwa dipunpanggihi wonten ing Yunani Kina abad 2800 SM (saderengipun Masehi). Samenika, panahan kalebet salah satunggaling olahraga ingkang langkung tuwa wonten ing donya. Kathah manungsa ingkang sami remen kaliyan panahan.

Asal-usul jemparingan menika saged dipunlacak saking prajurit Nyutra ingkang ngagem senjata panah. Prajurit menika dipundamel wonten ing jaman pemerintahan Sri Sultan Hamengkubuwono I wonten ing abad 17. Jemparingan wonten ing ngriki boten namung dados senjata ananging ugi dados beksa kaliyan olah raos. Beksa menika tuladhanipun inggih menika beksa Srikandhi Meguru Manah. Saking beksa menika saged dipuntingali menawi Jemparingan Gagrak Mataram menika boten namung olahraga panahan ananging ugi olah raos.

Saking gancaran menika, jemparingan wiwit saking Kasultanan Yogyakarta kaliyan Kasunanan Surakarta saking pemerintahan Pangeran Mangkubumi utawi Sri Sultan Hamengkubuwono I (1755 - 1792). Wonten ing wekdal menika panjajah utawi kumpeni nepangaken panahan saking kilèn dhateng kulawarga Kraton Ngayogyakarta.

Rèferènsi besut


  1. Utami, Ratnasari Putri dan Koentjoro (2018-06-21). "Mindfulness in Relation to the Meaning of Life of Jemparingan (Mataraman traditional Archery) in the Perspective of Kawruh Jiwa Ki Ageng Suryomentaram". International Journal of Environmental & Science Education. 13: 7. Diarsip saka sing asli ing 2020-01-29. Dibukak ing 2020-01-29.
  2. Dzikri, Mu'tashim Hasby (2019). Ajaran Etika Jawa dalam Olahraga Jemparingan Mataram Jawa: Studi Kasus Di Sriwedari (Skripsi). Surakarta: Institut Agama Islam Negeri Surakarta.