Kadomatsu (門松?) inggih punika rerenggan (rerenggan) Taun énggal ing Jepang wujud pang godhong pinus lan tugelan pring ing ngajengipun lawang kanggé mlebet griya utawi gedhong. Kadomatsu dipunpajang kanthi pasangan, kadomatsu kakung ing sisih kiwa lan kadomatsu èstri ing sisih tengen. Kala rumiyin tiyang Jepang pitados bilih Kami mapan wonten ing nginggilipun wit. Nalika taun énggal, dipunpitadosi bilih arwah para leluhur kondur marang griyanipun awujud Toshigami (déwa taun),saéngga duginipun dipunsambut mawi kadomatsu ingkang dados papan nyipeng déwa nalika taun énggal [1].[1]

Kadomatsu

Asal-usul

besut
 
Kadomatsu

Ing jaman rumiyin, tiyang Tiongkok gadhah tradisi mapanakaen pang ron pinus ing ngajengipun lawan mlebet kanggé déwa ingkang njagi lawang. Tradisi punika dipuntepangaken dhateng Jepang nalika jaman Heian. Ron wit pinus warninipun sarwa ijo nalika mangsa adhem saéngga dipunpitadosi minangka lambang kabegjan. Rerenggan ron wit pinus lajeng dipuntambah iketan damen (jerami) lan guntingan kertas lajeng mekar malih dados kadomatsu kados sapunika ing jaman Muromachi.

Wujud

besut

Hiasan kadomatsu kapérang dados kalih jinis dhedhasar caranipun nugel pring : Sogi (pucuking pring dipuntugel mawi diagonal), lan Zundō (ucukipun pring dipuntugel mawi horisontal). Ing sangajenging pring mau dipunwparingi pang pinus kanthi isi ron ingkang enèm [2]. Bibar punika, pérangan ngajeng kadomatsu dipunhias kaliyan taneman kubis hias (Habotan) kanthi warna abrit lan putih. Hiasan kadomatsu ugi asring dipunjangkepi kaliyan pang lan ron manéka tuwuhan kados ta aprikot jepang, nanten, kumazasa, lan yuzuriha.

Kadomatsu kapisan mawi pring ingkang pucukipun dipuntugel kanthi diagonal dipundamel déning Tokugawa Ieyasu. Ing dalu taun énggal, kulawarga Matsudaira ingkang kalah nalika Pertempuran Mikatagahara (1572) nampi geguritan kanthi nada ngenyek saking Takeda Shingen. Ieyasu lajeng dukha lan nugel pring rerenggan kadomatsu saéngga kantun tugelan diagonal ing pring mau. Awi saking punika pring kadomatsu ing kulawarga Matsudaira dipuntugel diagonal minangka lambang ambisi nugel gulunipun Shingen.[2] Kebiasaan punika dados wiyar ing Jepang bibar dados tradisi ing laladan Kanto nalika masa Keshogunan Edo. Ing jaman sapunika, kadomatsu saged dipunpundhut ing toko kembang, toko taneman, lan toko piranti rumah tangga. Reginipun kadomatsu asring sampun kalebet regi jasa ngeteraken barang mau. Kadomatsu ingkang sampun bibar dipunpajang padatanipun dipunguwang saéngga wonten panyaruwe bilih punika dados sumber sampah. Poster mawi gambar kadomatsu sapunika asring dipun-ginakaken minangka gantosipun kadomatsu.

Cathetan suku

besut
  1. Festival di Jepang, (dipunalses tanggal 13 Fèbruari 2013)
  2. Kadomatsu, (dipunalses tanggal 13 Fèbruari 2013)

Rujukan

besut
  1. ^ "Kiso chishiki shitsumon-shū". Shinto online network association. Diarsip saka sing asli ing 2007-01-07. Dibukak ing 2013-02-12.
  2. ^ "Kadomatsu meijin". Nagano Prefecture. Diarsip saka sing asli ing 2006-02-11. Dibukak ing 2013-02-12.
  3. ^ "Oshōgatsu". Tsujicho Oishii-net.

Ugi pirsani

besut

Pranala njawi

besut