Kapitalisme iku paham kang duwé keyakinan yèn panduwé modhal bisa nglakokaké pangudiné supaya olèh bebathèn saakèh-akèhé. Demi prinsip mau, mula pamaréntah ora bisa nglakokaké intervènsi pasar kanggo bebathèn bebarengan. Sanajan mangkono, kapitalisme sejatine ora duwé dhéfinisi universal kang bisa ditampa kanthi wiyar. Sapérangan ahli ndhéfinisikaké kapitalisme minangka siji sistem kang wiwit lumaku ing Éropa ing abad kaping 16 nganti abad kaping 19, ya iku nalika perkembangan perbankan komersial Éropa ing ngendi saklompok indhividhu uga golongan bisa tumindak minangka siji badan tinentu kang bisa duwé uga nglakokaké perdagangan benda duwèkané dhéwé, mligi barang modhal, kaya déné lemah lan manungsa kanggo prosès owah-owahan saka barang modhal dadi barang dadi. Kanggo olèh modhal-modhal mau, para kapitalis kudu olèh bahan baku lan mesin dhisik, banjur buruh minangka operator mesin lan uga kanggo olèh pangaji punjul bahan baku mau.

Kapitalisme duwé sajarah kang dawa, ya iku wiwit tinemu sistem perniagaan kang dilakokaké déning pihak swasta. Ing Éropa, prakara iki ditepungi mawa sebutan guild minangka cikal bakal kapitalisme. Saiki, kapitalisme ora mung dideleng minangka siji pandhangan urip kang mung golèk bebathèn waé. Nyawijine kapitalisme karo sosialisme tanpa anané pangowahan ndadèkaké kapitalisme luwih luwes tinimbang loro utawa telung abad kapungkur.

Pirsanana uga

besut

Pranala njaba

besut