Kastil Turku iku gedhong saka abad tengahan in Kutha Turku ing Finlan. Barengan karo Katédral Turku, kastil iki salah sawijining gedhong lawas dhéwé, sing isih dienggo lan isih lestari saka abad tengahan ing Finlan. Kastil iki diyasa ing pungkasané abad kaping-13 lan dunungé ana ing pinggiré Kali Aura. Kastil iki gunané biyèn minangka bètèng lan punjer papréntahan in Tanah Wétan, yaiku jenengé Finlan biyèn, nalika isih dadi salah sawijining provinsi Swèdhen. Mung pisan kastil iki bisa nglakoni fungsiné ngreksa kutha, ya iku nalika wong-wong Ruslan saka Novgorod mbedhah Turku ing taun 1318. Kastil iki luwih kerep mainaké peran sajeroning pasulayan internal Swèdhen lan Uni Kalmar. Jaman emas kastil iki ana ing tengahan abad ping 16 salawasé jumenengé Adipati Yohanes saka Finlan lan Katarina Jagellon. Nalika iku Jubin Renaisans lan pendhapa Raja lan Ratu diyasa, saha sawetara fitur liyané. Gedhong iki kèlangan statusé minangka punjer papréntahan ing abad ping 17, sawisé mangsa Per Brahe minangka gubernur-jéndral Finlan entèk. Kastil Turki jaman saiki iku muséum ing Finlan sing akèh dhéwé ditiliki para wisatawan, kadhangkala nganti 200.000 wong satauné. Saliyané iku sawetara kamar ing kastil iki isih dienggo minangka kamar umum.

Kastil Turku

Babad kastil

besut

Pangyasan kastil iki diwiwiti ing sakiwatengené taun 1280. Para satriya Swèdhen sing mbabad Kutha Turku sajatiné kepèngin ngyasa bètèng militèr.