Klenikologi inggih menika ngèlmu klenik ingkang ngarupa-rupi gesanging tiyang Jawi. Ngèlmu klenik menika salah satunggaling kontèks mungguhing agama Jawa. Tiyang Jawi gadhah pamanggih bilih agama Jawa menika minangka sarana hubungan langsung dengan Tuhan. Ananging kasunyatanipun boten kados mekaten, agama Jawa gadhah kontèks ingkang langkung wiyar. Agama Jawa boten namung ngrembag bab batin kemawon nanging ugi ngrembag kolèktivitas, kadosta rukun, gotong-royong, toléransi, lan sapanunggalanipun.

Klenik minangka interaksi interkultural ingkang dipungayutaken kalihan kegiatan sosial kemasyarakatan ingkang boten saged ical saking masyarakat. Agama Jawa mbangun masyarakat ingkang ayem tentrem. Agama Jawa wonten ing salah satunggaling sisi gayut kalihan bab transedental, wonten ing sisi sanèsipun ugi gayut kalihan alam, lingkungan, saha masyarakat.

Agama tindakan langkung awrat katimbang agami ingkang wonten ing tataran gagasan. Agama Jawa ngémot prakara ihwal ingkang gayut kalihan bab-bab adikodrati. Bab gaib saha agami menika boten gampil dipunmangertosi dening tiyang awam. Kontèks agama Jawa ingkang sipatipun transèndhen menika tandha minangka wonten daya sa-inggilipun manungsa. Daya ingkang langkung condhong dhateng bab-bab spiritual, lembut, saha boten gampil. Amargi makaten, menapa kemawon ingkang dipunarani ruwah tiyang séda, jin, sétan, sarta déwa-déwi menika malebet definisi conscious subject.

Agama Jawa wonten kapitadosan dhateng mitos. Mitos Merapi, Nyi Rara Kidul, Gunung Lanang, Candi Sukuh, lan sapanunggalanipun minangka tandha fenomena agami. Spiritualitas wonten ing agama Jawa minangka wujud alusipun saking makna agami. Spirit saged dipuntegesi jiwa utawi psikis, dados agama Jawa menika inggih langkung psikologis.

Wonten ing agama Jawa bakal manggihaken bab-bab ritus sanèsipun kapitadosan, mitos, lan sapanunggalanipun ingkang sakral. Tuladhanipun, damel bubur abrit lan bubur pethak nalika wonten ing weton lahir Rebo Kliwon. Paugeranipun sami, bubur dipunwungkus ron pisang lajeng dipunlarung wonten ing lèpèn ingkang celak. Bubur ingkang dipunlarung kalawau dipun dongani rumiyin, ancasipun kangge buwang sial utawi tolak bala.

Menapa kemawon wujudipun, kontèks agama Jawa langkung wiyar. Wonten Jawi, wonten kontèks Hindhu-Jawa, Islam-Jawa, Cina-Jawa, Jawa-Budha, lan sapanunggalanipun. Kontèks agama Jawa tansah dipunarupi-rupi déning klenik, ingkang sipatipun klenikan, ingkang tegesipun guneman lirih-lirih.Klenik menika wujudipun tembung-tembung sakral utawi mantra, ingkang dados intinipun spiritualitas Jawi.

Kadadosaning proses spiritual Jawa ingkang dipunsebut ngraga suksma (nglolos suksma)saha wonten Supadjar (2001:27) dipunsebut ngluruh sarira (racut) minangka wujuding agama Jawi ingkang inggil. Pangaribawa agami Hindhu-Budha, ingkang dipunwastani kanthi istilah muksa menika cetha kawontenanipun. Kadadosan mistik ingkang kados menika dipunwastani minangka kekuatan adikodrati.

Sesajèn minangka négosiasi spiritual besut

Kathah sesajèn ingkang kedah dipunsamektakaken, gumantung wujud lan wekdalipun. Ancasipun sesaji inggih menika kanggé kaselametaning tiyang. Poerbosoehardjo lan Sutomo (1998) kathah ngrembag bab sesaji, ingkang mirib kalihan Ki Padmosusastro wonten ing Serat Tatacara.

Robertson Smith ngandharaken tigang gagasan ingkang awrat kangge nambah pangertosan bab asas-asas agami.

  1. Sistem upacara minangka wujud saking agami ingkang prelu analisis
  2. Upacara agami dipunlampahi tiyang kathah ingkang sami-sami nggadhahi fungsi sosial kanggeë mengintensifkan solidaritas masyarakat. Tiyang menika nggadhahi pamanggih bilih upacara menika minangka kewajiban sosial.
  3. Teori upacara sesaji dhasaripun manungsa nyamektakaken kewan mliginipun getihipun kangge dewa. Wonten ing teori menika déwa dipunanggep ugi warga komunitas, déné sejatosipun dados warga ingkang beda.

Fungsi sesajèn besut

Saking tigang makna sesaji wonten ing nginggil, agama Jawa tansah nggarisaken fungsi sesaji dados

  1. Lampahing negosiasi spiritual kalihan bab ingkang adikodrati supados boten ngganggu.
  2. Nyaosaken berkah dhateng warga masyarakat supados ndherek ngraosaken hikmahipun sesaji.
  3. Wujuding ikhkas dhumateng Ingkang Maha Kuwasa utawi wujuding raos syukur.

Agama Jawa konvènsional tansah mundhut manpangat sesaji saking maneka warnaning aspek kauripan. Sesaji wonten ing agama Jawa saged ngatonaken prakawis kangge tiyang sanès. Sesaji dipuanggep sia-sia lan boten masuk akal. Sesaji ingkang dipunlampahi menika namung simbolik. Agama Jawa inggih menika pekerti simbolik.

Rujukan besut

  1. http://staffnew.uny.ac.id/upload/131872518/penelitian/unspdf.pdf
  2. https://kbbi.web.id/transendental
  3. https://www.kompasiana.com/aliffiadi/552bda056ea83484378b458d/kesadaran-consciousness
  4. Endraswara, Suwardi. 2015. Agama Jawa. Yogyakarta: Narasi