Koja-jajahan. yaiku Serat Jawa jaman Islam, basa Jawa tengahan sing nganggo tembang macapat, sing ditemokaké paling tuwo dhéwé. Serat Koja-jajahan masiyo isi piwulang, ananging wujud cerito. Cerito kang di ceritakké saka saudagar bangsa Hindhu (Koja-jajahan, iku patih), sing bekti banget karo ratuné, seneng ngibadah, adil, lan wicaksana. Saka apiké pemerintahanané sang ratu, raja Mesir, tresna banget marang saudagar Hindhu (Koja-Jajahan, patih). Mergo soko iku nganti njalari para panggedé kerajaan liyané sengit marang Koja-jajahan. Pungkasané para ageng kerajaan mau golèk-golèk kesalahanané patih. Para ageng kerajaan banjur nggolèk cara, lan mutuské mateni patih Koja-jajahan. Mayité Koja-jajahan metu karomahé kang nunjukké nyatané patih iku ora duwé dosa. Sang Prabu sumerep kanyatan kaya ngono banjur sédih penggalihé, nganti gerah lan nganti sèda.[1]

Serat punika sakjané apik banget nanging éman unèn-unèné wis rusak.[1]

Serat cerito punika isiné ana 169

Rujukan besut


  1. a b Poerbatjaraka, - (1954). Kapustakan Djawi. Jakarta: Penerbit Djambatan. kc. 96. ISBN -. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)CS1 maint: numeric names: authors list (link)