Kudu utawa Morinda tinctoria yaiku salah sawijing jinis tetuwuhan kang nduwéni manpaat akéh banget. Miturut panliten saking K. Heyne ing buku Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV (Badan Penelitian dan Pengembangan Kehutanan Departemen Kehutanan, 1987), tetuwuhan kudu ing Jawa nduwéni jeneng aran manéka werna, ana sing ngarani kudu kras'.[1].

Wit kudu iku kurang luwih nduwéni dhuwur 14 m lan wité ambané bisa nganti 35 cm. Kudu kasebar ing Asia kidul lan Nusantara, nanging ing Pulo Jawa tetuwuhan kudu namung kasebar ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Tetuwuhan iki bisa urip ing papan sing dhuwuré kurang luwih 500 m dpl mangisor.

Miturut informasi, ing Ponorogo kulit oyot lan kulit wité tuwuhan kudu bisa digunaaké kanggo ménehi werna kuning ing kain utawa sandhangan. informasi saliyané ana sing nyebutaké yén kayu kudu iku jarang digunaaké déning masyarakat Jawa. Nanging, yén ing Sulawesi kayu kudu mangkono digunaaké kanggo alas tiang omah. Carané yaiku, kayu kudu sing wis tuwa dikubur nganti 2 tahun (digawé fosil) supaya dadi atos.

Arané désa besut

Désa-désa sing néng Jawa Tengah/DIY lan Jawa Wétan padha nganggo aran Kudu, yaiku: besut

No. Desa/Kelurahan Kecamatan Kabupaten
1. Kudubanjar Kudu Jombang
2. Kudu Kertosono Nganjuk
3. Kudu Baki Sukoharjo
4. Kudu Genuk Semarang

Rujukan besut

  1. Santosa, Imam Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru. Yogyakarta: Interlude. kc. 258. ISBN 978-602-6250-42-1.