Sajeroné fisika lan fiksi, lèng cacing ya iku dalan pintas ngliwati papan lan wektu. Éngga saiki isih durung dimangertèni manawa lèng cacing kawujud kanthi cara alami apa ora. Manawa lèng cacing pancèn ana, kanggo gawè supaya lèng cacing tetep tinarbuka, sawijining materi bakal dibutuhaké. Manawa matèri iku ora ana, lèng cacing bakal ilang kanthi rikat banget sawisé kawujudaké. Manawa digambaraké kanthi papan kang rata, kaya dluwang kang dilempit, lèng cacing mbengkongaké dluwang mau, saéngga pucuké sakloron bakal gathuk siji lan sijiné (kaya kapacak ing gambar).

Istilah lèng cacing digunakaké kang kapisan déning John Archibald Wheeler taun 1957. Nanging, ana ing taun 1921, matematikawan Jerman Hermann Weyl wus ngusulaké téyori lèng cacing.

Pranala njaba

besut