Laler
Kalamangsa: Patengahan Triassic-Saiki
Sawijining poster kanthi 16 jinis laler.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Subklas: Pterygota
Infraklas: Neoptera
Superordho: Endopterygota
Ordho: Diptera
Linnaeus, 1758
Subordo

Nematocera (includes Eudiptera)
Brachycera

Laler kalebu jinis gegremet, kang asalé saka subordo Cyclorrapha ordo Diptera. Sacara morfologi laler dibédakaké saka lemud (subordo Nematocera) dhedhasar ukuran anténané; laler duwé anténa cendhèk, sauntara lemud duwé anténa dawa[1]. Laler lumrahé duwé sapasang swiwi asli sarta sapasang swiwi cilik kang dipigunakaké kanggo njaga stabilitas nalika mabur.

Laler gumantung banget marang pandelengan kanggo lestari urip. Mata majemuk laler kapérang saka éwonan lensa lan peka banget marang obahan. Sapérangan jinis laler duwé pandelengan telung dhimènsi kang akurat. Sapérangan jinis laler liya, tuladhané Ormia ochracea, duwé organ pangrungu kang canggih banget.

Laler akèh jinisé, kaya ta:

Loro jinis laler ya iku laler omah lan laler ijo paling lazim ing uripé manungsa. Sing ukurané gedhé dhéwé ya iku laler ijo. Loro-loroné mangan lan urip ing saubenging manungsa, nularakaké rupa-rupa lelara lan uripé kemproh tur sarwa reget.

Tangkar-tumangkaré laler

besut
 
Sajinis laler spésies Coenomyia ferruginea lagi kawin. Laler wadon sig ukurané luwih gedhé (ndhuwur), laler kang lanang ukurané luwih cilik (ngisor)

Laler tangkar-tumangkar kanthi generatif utawa kawin. Sawisé ovum diawohi lan mateng laler wadon bakal ngendhog. Mila laler kalebu kéwan ovipar.

Laler biyasa ngendhog ing woh-wohan utawa bathang, lan anaké diarani sèt. Nanging ing nagara-nagara manca, sèt wis akèh dianggo dadi obat, mligi kanggo nambani lelara saka baktèri amarga sèt mung mangan bathang waé.

Lelara kang ditularaké

besut

Lelara kang racaké ditularké laler ya iku:

Lan sapanunggalé.

Réferènsi

besut

^ Hidayat, P. (2005) Pengenalan ordo dan beberapa famili serta anggota spesiesnya Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. (format PDF, diakses 8 Maret 2006). Slide matakuliah Pengantar Perlindungan Tanaman. Departemen Proteksi Tanaman, Institut Pertanian Bogor.

Pranala njaba

besut