Lamut ya iku kasenian tradhisional kang nyitakaké babagan pesan lan aji-aji keagamaan , sosial lan budaya Banjar.[1] Lamut awujud seni carita bertutur, kaya wayang utawa ciganjuran.[1] Kang mbedakake ya iku yèn wayang utawa ciganjuran dimainake nganggo piranti gamelan lan kecapi nanging yèn lamut diiringi nganggo terbang, piranti tabuh kang racaké kanggo seni hadrah.[1]

Maestro Lamut, Gusti Nafsiah kang lagi nglamut.

Kang nembé tau ngerti lamut racaké ngira yèn seni lamut iki olèh prabawa saka kesenian Timur Tengah.[1] Ana ing jaman Karajan Banjar kang dibawahi Sultan Suriansyah, lamut ana bareng karo seni tutur Banjar liyané kaya Dundam, Madihin, Bakesah, lan Bapantun.[1]

Kesenian lamut ditindakaké ana ing wayah wengi wiwit jam 22.00 lan racaké rampung nganti tekan jam 04.00 utawa rampung wayah subuh.[2] Kang carita ana ing lamut iki dijuluki Palamutan.[2] Ana ing seni lamut, Palamutan iku nyambi nggawa terbang gedhé kang digletakake ana ing pangkone kang lungguh senden ana ing tawing halat (dinding tengah), diubengi déning para kang ngrungokake.[2] Khusus kanggo wong wédok racaké disediakake panggon mirunggan ana ing sisih tawing halat mau.[2]

Sajarah

besut

Lamut asalé saka daerah Cina, basa kang ana ing lamut wiwitane uga nganggo basa Tionghoa nanging banjur diterjemahake ana ing basa banjar.[2] Lamut teka ana ing banjar kira-kira taun 1816 kang disebarake déning para bakul saka Tionghoa kang ana ing Banjar nganti tekan Amuntai.[2]

Cathetan suku

besut