Logika

Logika dipundhut saka tembung Yunani logos kang tegesé ucap (tutur), tembung, pangertèn, pikiran, utawa èlmu.[1] Logika yaiku ngèlmu kawruh lan ketrampilan kanggo mikir lempeng.[2] Logika yaiku cawang ngèlmu, nanging uga kondisi dalan tuntutan fundamèntal mutlak èksistènsi ngèlmu, kang kanthi sistematis nyelidik, ngrumusaké, lan nerangké asas-asas kang kudu ditaati supaya wong bisa mikir kanthi tepat, lempeng, lan teratur.[3] Logika njlèntrèhaké dalaning pikir nganggo pathokan utawa ukum-ukum pamikiran saéngga bisa nyingkiraké dhéwé saka kaluputan lan sesat pikir.[2]

Pambagèn LogikaBesut

Ing basan babagan logika ana pirang-pirang istilah, yaiku:[4]
1. Logika naturalis;
2. Logika ilmiah;
3. Logika artificialis;
4. Logika tradhisional;
5. Logika formal; lan
6. Logika materiil.

Logika Naturalis (utawa alamiah) artiné manungsa iku mikir miturut kodrat kanthi alamiah.[4] Bisa dikandha umur logikané iku padha tuané umur manungsané, amarga awit saka lairé manungsa wis bisa mikir.[4]

Logika Ilmiah (utawa scientific) yaiku kalanjutan saka logika alamiah, yaiku angger manungsa diwènèhi arahan sistematis kanggo bisa nguwasani pola-pola mikir kang teratur sakdalan karo ukum-ukum katetapan utawa benering mikir.[4]

Logika Artificialis (sinebut uga logika tradhisional) tegesé kelairané minangka tradhisi kuna, kawit Aristoteles kasil olehé nulis bab iku ing Organon minangka buku logika kang sepisanan.[4] Sawisé pangertèn logika iki wis mbudaya ing kalangané umat manungsa, logika artificialis iki dikembangké kanthi ilmiah dadi 2 (loro) babagan, yaiku logika formal lan logika materiil.[4]

Logika Formal (logic) utawa Logika Minor, kang nyinaoni asas-asas, kaidah-kaidah, aturan-aturan utawa ukum-ukum mikir kang kudu ditaati supaya dhéwé bisa mikir kanthi tepat/bener lan nyandhak kabeneran.[4] Ukum-ukum logika iku rélevan lan wigati kanggo kabèh ngèlmu kawruh liyané, déné kanggo kawruh filsafat yaiku sarana (instrumèn) kang kudu dhéwé kuwasani luwih ndhisik, sadurungé dhéwé njerokaké kawruh filsafat iku.[4]

Logika Materiil utawa Kritik (Épistémologi) utawa Logika Mayor, ngrembug isi/matèri kawruh lan piyé carané nanggungjawabi isi kawruh iku.[4] Kanthi nyinaoni bab:[4]
1. Sumber-sumber lan asalé kawruh;
2. Piranti-piranti kawruh;
3. Prosès dadinè kawruh;
4. Kamungkinan-kamungkinan lan bates-bates panjelajahan kawruh;
5. Métode ngèlmu kawruh; lan
6. Kabeneran lan keklerune lan liya-liyané.
Logika materiil iki dadi wadhah tuwuhé filsafat mengenal (kennisleer) lan filsafat ngèlmu kawruh (wetenschapleer).[4]

RujukanBesut

Cathetan sukuBesut

  1. Poespoprodjo, k. 2.
  2. a b Sumaryono, k. 71.
  3. Poespoprodjo, k. 5.
  4. a b c d e f g h i j k Salam, k. 2-4.

BibliografiBesut

  • Poespoprodjo, W.; Gilarso, T. (1985). Logika Ilmu Menalar. Bandung: CV Remaja Karya.
  • Sumaryono, E. (1999). Dasar-dhasar Logika. Yogyakarta: Kanisius. ISBN 9796721840 Check |isbn= value: checksum (pitulung).
  • Salam, Burhanuddin (1988). Logika Formal. Jakarta: Bina Aksara.