Aristotélès

(Kaelih saka Aristoteles)

Aristoteles (Basa Yunani: ‘Aριστοτέλης Aristotélēs), (384 SM322 SM) iku filsuf Yunani, murid saka Plato lan guruné Alexander Agung. Aristoteles nulis warna-warna subyek kang béda-béda, kalebu fisika, metafisika, puisi, logika, retorika, pulitik, papréntahan, ètnis, biologi lan zoologi. Bebarengan karo Socrates lan Plato, Aristoteles dianggep salah siji saka telu filsuf kang paling duwé prabawa marang pemikiran "Kulon".

Ἀριστοτέλης, Aristotélēs
Lair384 SM Stagira, Chalcidice
Pati322 SM (umur 61 atau 62) Euboea
KalaFilsafah kuna
TlatahFilsuf kulon
AliranPeripatetic school
Aristotelianism
Karsa pokok
Fisika
Metafisika
Puisi
Teater
Musik
Retorika
Pulitik
Papréntahan
Etika
Biologi
Zoologi
Gantha misuwur
Golden mean
Reason
Logika
Passion
Aristoteles déning Raphael, sajeroning lukisan Sekolah Athena (Akademia Athena) School of Athens.

Mangsa nom-noman

besut

Aristoteles lair ing Stagira, kutha ing wewengkon Chalcidice, Thracia, Yunani (biyèn kalebu wewengkon Makedonia tengah) taun 384 SM. Bapaké yaiku tabib pribadi Raja Amyntas saka Makedonia. Ing umur 17 taun, Aristoteles gabung dadi murid Plato, sabanjuré mundhak dadi guru ing Akademi Plato ing Atena lawasé 20 taun. Aristoteles ninggal akademi mau sawisé Plato séda, lan dadi guruné Alexander saka Makedonia. Wektu Alexander kuwasa ing taun 336 SM, Aristoteles bali menyang Atena. Kanthi panyengkuyung lan bantuan saka Alexander. Aristoteles banjur ngadegaké akademiné dhéwé kang dijenengi Lyceum, kang kabawah nganti taun 323 SM.

Kontribusi lan karya

besut

Filsafat Aristoteles tuwuh ngrembaka wektu Aristoteles mimpin Lyceum, kang nyakup enem karya tulisé kang mbahas bab logika, kang dianggep karya-karyané kang paling wigati, saliyané kontribusiné ing babagan metafisika, fisika, etika, pulitik, kadhokteran lan ngèlmu alam.

Ing babagan ngèlmu alam, Aristoteles mingka wong pisanan kang ngumpulaké lan nglasifikasèkaké spésies-spésies biologi kanthi sistematis. Karyané iki nggambaraké kecenderungané marang analisa kritis, lan panelusuran marang hukum alam lan kaseimbangan alam. Plato nyatakaké téyori bab wangun-wangun idéal barang, déné Aristoteles njelasaké yèn materi ora bakal tanpa wangun amarga ana (eksis). Sabanjuré Aristoteles nyatakaké yèn wangun materi kang sampurna, murni utawa wangun pungkasan, yaiku apa kang dinyatakaké minangka theos, yaiku kang sajeroning pangertèn Basa Yunani saiki tegesé dianggep Tuhan.

Logika Aristoteles yaiku sawijining sistem mikir deduktif (deductive reasoning), kang malahan nganti saiki isih dianggep dhasar saka saben wulangan bab logika formal. Sanajan mangkono, sajeroning panelitèn ilmiah Aristoteles sadar uga wigatiné observasi, eksperimen lan berpikir induktif (inductive thinking).

Di babagan pulitik, Aristoteles percaya yèn wangun pulitik kang idéal yaiku gabungan saka wangun dhémokrasi lan monarki.

Amarga ambané lingkup karya-karya Aristoteles, bisa dianggep kontribusi Aristoteles sajeroning skala ensiklopedis, amarga kontribusiné nyakup babagan-babagan kang manéka warna kaya déné fisika, astronomi, biologi, psikologi, metafisika (umpamané studi bab prisip-prinsip wiwitan lan ide-ide dhasar ngenani alam), logika formal, etika, pulitik, lan malah téyori retorika lan puisi.

Rujukan

besut
  • Ferguson, Wallace K., and Geoffrey Bruun. A Survey of European Civilization (4th Ed), pg. 39. Houghton Mifflin Company / Boston, 1969, USA.
  • Yenne, Bill. 100 Pria Pengukir Sajarah Dunia (hal 38-39). Alih basa: Didik Djunaedi. PT. Pustaka Delapratasa, 2002, Jakarta.

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.