Biologi, basa Yunani bio (gesang) + logos (ngèlmu)) punika, ngèlmunipun sadaya prakawis ingkang gesang. Ugi saged dipunwastani "ngèlmunipun kagesangan". Ing jaman rumiyin ngantos taun 1970-nan, dipun-ginakaken istilah èlmu hayat (dipunpendhet saking basa Arab, ingkang tegesipun "èlmu kagesangan").

microscopic view of E. Coli a Thompson's Gazelle in profile facing right
a Goliath beetle facing up with white stripes on carapace A tree fern unrolling a new frond
Biologi nyinaoni èlmu ngéngingi kagesangan. Saking kiwa nginggil, baktèri Escherichia coli, tetuwuhan pakis, kéwan rusa, gegremet kumbang sungu.
Animalia-Bos primigenius taurus
Planta-Triticum
Fungi-Morchella esculenta
Stramenopila/Chromista-Fucus serratus
Bacteria-Gemmatimonas aurantiaca (-= 1 Micrometer)
Archaea-Halobacteria
Virus-Gamma phage

Pokok Bahasan Biologi

besut

Umumipun pokok bahasan/subyèk Biologi dipunpérang dados 3 pérangan:

Zoologi lan Botani punika èlmu bab Flora & Fauna Obyek kajian biologi punika sajatosipun wiyar sanget lan nyakup sadaya makluk gesang. Pramila, dipuntepangi warni-warni cawang biologi ingkang migatosaken sawenèh golongan organisme, kados ta botani, zoologi, lan mikrobiologi. Werni-warni aspek kagesangan ugi dipunkaji. Titikanipun fisik dipunsinaoni wonten ing èlmu anatomi, déné fungsinipun dipunsinaoni wonten ing èlmu fisiologi; Prilaku dipunsinaoni wonten ing etologi, inggih ing mangsa sapunika punapa ing mangsa rumiyin (dipunsinaoni wonten ing biologi evolusioner lan paleobiologi); Kadospundi makluk gesang kacipta dipunsinaoni wonten ing évolusi; Interaksi sesami makluk lan kaliyan alam saubengipun, dipunsinaoni wonten ing èlmu ékologi; Mekanisme pawarisan sipat ingkang migunani tumrap upaya njagi kalangsungan gesang satunggiling jinis makluk gesang dipunsinaoni ing èlmu genetika.enten kang jenengipun mirza

Wekdal punika malah sampun ngrembaka pasinaon bab aspek biologi ingkang nyinaoni kamungkinan evolusi makluk gesang ing mangsa ngajeng, ugi kamungkinan wontenipun makluk gesang ing planit-planit sanèsipun bumi, inggih punika astrobiologi. Sementawis punika, tuwuhing tèknologi saged nyinaoni tataran molekul panyusun organisme, wonten salebeting èlmu biologi molekular sarta biokimia, ingkang kathah dipundhukung déning tuwuhing teknik komputasi ing salebeting babagan bioinformatika.

Èlmu biologi mawiyar ing abad kaping 19, kanthi èlmuwan ingkang manggihi manawi organisme gadhah karakteristik pokok. Biologi sapunika dados subyèk wulangan ing sekolah lan universitas ing saindhenging donya, langkung saking jutaan makalah dipundamel saben taun ing susunan wiyar jurnal biologi lan kadhokteran.[1]

Asal muasal biologi

besut

Aristoteles lan biologi

besut

Èlmu biologi dipunrintis déning Aristoteles, èlmuwan kebangsaan Yunani. Ing tèrminologi Aristoteles, "filosofi alam" punika cabang filosofi ingkang nliti fénoména alam, lan njangkep babagan ingkang sapunika dipunsebat minangka fisika, biologi, lan èlmu pengetauan alam sanèsipun.

Aristoteles nglampahi panlitèn sajarah alam ing pulo Lesbos. Asil panlitènipun, kalebet Sajarah Kéwan, Generasi Kéwan, lan Pérangan Kéwan, isinipun sapérangan observasi lan interpretasi, lan ugi wonten mitos lan kaluputan. Pérangan ingkang wigati inggih punika prekawis kagesangan laut. Panjenenganipun misahaken mamalia laut saking iwak, lan mangertosi bilih hiu lan pari punika péranganing grup ingkang panjenenganipun sebat Selachē (selachians).[2]

Pangadegan biologi modhèren

besut

Istilah biologi ing pangertèn modhèren katingalipun dipuntepangaken kanthi kapisah déning Gottfried Reinhold Treviranus (Biologie oder Philosophie der lebenden Natur, 1802) lan Jean-Baptiste Lamarck (Hydrogéologie, 1802). Nanging, istilah biologi sajatosipun sampun dipun-ginakaken ing taun 1800 déning Karl Friedrich Burdach. Malah, sadèrèngipun, istilah punika ugi sampun muncul ing sirahan buku Michael Christoph Hanov jilid kaping 3 ingkang terbit taun 1766, inggih punika Philosophiae Naturalis Sive Physicae Dogmaticae: Geologia, Biologia, Phytologia Generalis et Dendrologia.

Cakupan Biologi

besut

Pirsani artikel utami Pratélan Cabang-cabang Biologi

Sapunika, biologi njangkep babagan akademik ingkang wiyar sanget, gegandhèngan kaliyan babagan-babagan sains sanèsipun, lan asring ditingali minangka èlmu ingkang mandhiri. Nanging, pancabangan biologi mesthi miturut tigang dhimènsi ingkang silih tegak lurus: kaanekaragaman (dhedhasar golongan organisme), organisasi kagesangan (taraf kajian saking sistem kagesangan), lan interaksi (gegandhèngan antarunit kagesangan sarta antawisipun unit kagesangan kaliyan lingkunganipun).

Pambagéyan Adhedhasar Golongan Organisme

besut

Makluk gesang utawi organisme manéka warna sanget ragamipun. Taksonomi nyinaoni pripun organisme saged dipunklompokaken dhedhasar kamèmperan lan bènten ingkang dipungadhahi. Salajengipun, kathah golongan punika dipunsinaoni sadaya gatra kagesanganipun, saéngga dipunkenal èlmu biologi tetuwuhan (botani), biologi kéwan (zoologi), biologi gegremet (entomologi), lan salajengipun.

Pambagéyan Adhedhasar Organisasi Kagesangan

besut

Kagesangan dumadi ing hirarki ingkang kaorganisasi. Hirarki organisme, saking ingkang paling alit dumugi ingkang paling ageng ingkang dipunsinaoni ing biologi, inggih punika:

Kajian-kajian subindividu njangkep biologi sel, anatomi lan cabang-cabangipun (sitologi, histologi lan organologi), lan fisiologi. Pambagéyan langkung rinci ugi mungel dumados. Upaminipun, anatomi saged dipunkhususaken ing saben organ utawi sistem (limrahipun dumadi ing èlmu kadhokteran): pulmonologi, kardiologi, neurologi, lan sapiturutipun).

Tingkat supraindividu dipunsinaoni ing ékologi, ingkang ugi gadhah pangkhususan piyambak, kados ékofisiologi utawi "fisiologi lingkungan", fenologi, sarta èlmu prilaku.

Pambagéyan Adhedhasar Interaksi

besut

Gegandhèngan antarunit kagesangan ugi antawisipun unit kagesangan lan lingkunganipun dumados ing sadaya tingkat organisasi.

Sasanèsipun nyinaoni kagesangan kanthi sapérangan tataran ing nginggil, biologi ugi nyinaoni prakawis-prakawis ing ngandhap kanthi cabang èlmunipun piyambak-piyambak, inggih punika:

  • biologi perkembangan (developmental biology): èlmu ingkang nyinaoni tahap perkembangan makluk gesang (ontogeni) saking tigan ingkang dipunbuahi dados individu;
  • genetika: èlmu ingkang nyinaoni pawarisan keturunan;
  • etologi: èlmu ingkang nyinaoni prilaku makluk gesang;
  • sistematika: èlmu ingkang nyinaoni kaanekaragaman organisme lan gandhènganipun kaliyan rélasi tinentu;
  • ékologi: èlmu ingkang nyinaoni habitat lan interaksi makluk gesang kaliyan lingkunganipun;
  • évolusi: èlmu ingkang nyinaoni éwah-éwahan ingkang dumadi ing makluk gesang; lan
  • ksenobiologi: èlmu pangetauan spekulatif prakawis wontenipun makluk gesang sasanèsipun ing bumi.

Ugi pirsani

besut

Cathetan sikil

besut
  1. King, TJ & Roberts, MBV (1986). Biology: A Functional Approach. Thomas Nelson and Sons. ISBN 978-0174480358.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. Singer, Charles. A short history of biology. Oxford 1931.

Cithakan:Cabang ngèlmu alam

 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.