Neurologi
Neurologi iku cawang èlmu kadhokteran kang nangani kelainan sistem saraf. Dhokter kang mligi ngurusi babagan neurologi ingaran neurolog lan duwé kemampuan kanggo ndhiagnosis, ngrawat, lan nata pasien lan kelainan saraf. Akèh-akèhé para neurolog dilatih kanggo nangani pasien diwasa. Kanggo bocah cilik ingayahi déning neurolog pediatrik, kang cawang saka pediatri utawa ngèlmu kaséhatan anak. Ing Indonésia, dhokter kanthi spesialisasi neurologi diwènèhi gelar Sp.S. utawa Spesialis Saraf.
Babagan makarya
besutPara neurolog nangani kelainan sajeroning sistem saraf, kalebu ing sistem saraf punjer (utek, batang utek, lan utek cilik), sistem saraf tepi (umpamané saraf utek), lan sistem saraf otonom. Neurolog uga bisa ndiagnosa lan mriksa sawatara kasus ing sistem otot lan balung (muskuloskeletal).
Kondhisi mayor kalebu:
- lara sirah (ngelu) kaya migrain
- epilepsi
- kelainan saraf kang degeneratif kaya lelara Alzheimer, lelara Parkinson, ataksia
- lelara sistem peredaran getih ing utek utawa serebrovaskular kaya stroke
- kesulitan turu
- palsi utek cilik
- infeksi utek kaya ensefalitis, meningitis, mielitis ing sum-sum balung mburi
- kanker utawa tumor ing utek lan selaputé, sistem saraf
- kelainan owahan kaya tremor ing lelara Parkinson, khorea
- lelara demielinasi ing sistem saraf punjer kaya sklerosis gandha, lan ing sistem saraf tepi kaya sindrom Guillain-Barré
- kelainan ing sum-sum balung mburi
- kelainan sistem saraf tepi
- cedera traumatik
- status mental kaya koma
- kesulitan wicara lan migunakaké basa
Pendhidhikan
besutIng Indonésia, wong bisa ngayahi pendhidhikan spesialisasi saraf sawisé éntuk gelar profesi dhokter. Pendhidhikan spesialiasi bisa diayahi ing universitas kang mbuka program mau.
Pamriksaan
besutSajeroning pamriksaan, neurolog ninjau riwayat kaséhatan pasien kanthi perhatian mirunggan ing kondhisi wektu semana. Pasien bakal nglakoni manéka pamriksaan klinis kaya pamriksaan pandulu, kakuwatan, koordinasi, rèflèks, lan rangsangan. Informasi mau bakal mbantu neurolog kanggo mesthèkaké lelara mau magepokan karo sistem saraf. Pamriksaan sabanjuré diayahi kanggo ndhiagnosis lelara kang disangga pasien.
Tugas klinis
besutKasus umum
besutPara neurolog tanggung jawab ngenani dhiagnosis, parawatan, manajemen kondhisi pasiené. Yèn perlu tindhakan pambedhahan, neurolog kudu ngarujuk pasiené menyang dhokter spesialisasi bedhah saraf lan neuroradhiolog. Ing sawatara nagara, neurolog diperlokaké kanggo negakaké kaputusan mati batang utek.
Neurolog uga tanggung jawab kanggo sawatara tindhakan mèdhis kaya fungsi lumbal. Nanging yèn neurolog ora ana, dhokter umum kang nduwé kemampuan bisa ngayahi fungsi lumbal mau.
Babagan makarya kanthi spesialiasi liya
besutSaben nagara duwé cawang kadhokteran spesialis kang béda lan ing panerapan tugasé. Nyatané, akèh pasien stroke kang dirujuk menyang dhokter lelara njero, kamangka bab iki bisa ditangani déning neurolog. Pasien kang ngalami angèl saré bisa uga dirujuk menyang ahli pulmunologi. Lara sirah kang ènthèng bisa dirujuk menyang dhokter umum.
Neurologi lan psikiatri
besutSanadyan lelara jiwa diyakini ana kelainan ing sistem saraf, nanging bab iki ditangani déning psikater utawa ahli lelara jiwa. Ana indhikasi kuwat yèn mekanisme neuro-kimiawi duwé peran wigati ing lelara jiwa kaya skizofrenia. Kelainan saraf kerep uga duwé manifestasi lelara jiwa kaya déprèsi pasca stroke, kapikunan kang digayutaké karo lelara Parkinson, dhisfungsi kognitif ing pendherita lelara Alzheimer.
Ora ana prabédan kang gedhé antara neurologi lan psikiatri. Prabédan iki mung alesan praktis lan akar sajarah.
Pranala njaba
besut- American Academy of Neurology
- National Institute of Neurological Ingsorders and Stroke (NINDS)
- brainblog: berita mengenai utek lan perilaku.
- Neurology Journals: pratélan jurnal neurologi.
- On Line Neurology Journal Club (via JournalReview.org) Archived 2006-12-12 at the Wayback Machine.
- Fast-MAG Archived 2009-06-10 at the Wayback Machine. The Field Administration of Stroke Therapy – Magnesium Phase 3 Clinical Trial
- Journal of The American Stroke Association